Wangsalan, yaiku sabangsane cangkriman, nanging
wangsulane/batangane wis disebutake pisan sanajan kanthi sinandhi( ora diblakakake).
Wangsalan ing tembang
PANGKUR
Jirak pindha munggweng wana,
Sayeng kaga we rekta kang muroni
Sinambi kalaning nganggur,
Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar
pangkur,
Baon sabin ing nawala,
Kinarya langen pribadi.
Gatekna larik 1-3
Woh jirak ing tengah alas=
kesambi=sinambi
Sayeng kaga= golek manuk=
kala=kalaning
We rekta kang muroni= banyu abang
sing mendemi=anggur=nganggur
Gatekna larik 4-5
Wastra tumrap mustaka= klambi
sing ana sirah= pangikete
Gatekna larik 5-6
Baon sabin= nyambut gawe ing
sawah=makarya=kinarya
Naawala=layang sipate
pribadi=langen pribadi
Makasih ya kaak
BalasHapusMakasih kak
BalasHapusNdak paham kak
BalasHapusMakasih kak ^_^
BalasHapus