Sabtu, 24 Oktober 2015

Alur



NULIS CERKAK
1. Alur
a.   Alur miturut raket lan orane yaiku:
- Alur raket utawa alur ketat
Rumaketing prastawa kang ana ing crita utawa sawijining karya sastra, sing menawa salah siji saka prastawa ana ing karya sastra iku mau diilangake ngganggu wutuhing crita.
- Alur renggang utawa alur longgar
Rumaketing prastawa kang ora nyawiji ana ing sawijining karya sastra, ngilangake salah siji saka prastawa kang ana ora bakal ngganggu lakuning crita.
b.   Miturut cakrik/susunan alur
-    Alur maju utawa alur progresif
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu saiki terus nggambarake wektu kang bakal teka utawa mbesok.
-    Alur mundur
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu biyen terus nggambarake wektu saiki.
-   Alur gabungan
Nggunakake alur maju lan alur mundur ana ing sawijining crita kanthi bebarengan.
a.    Miturut urutaning prastawa
-    Alur klimaks
 Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing tumapak saya munggah/menanjak sifate.
-    Alur antiklimaks
Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing tumapak sava mudhun/meni/run sifate.
-    Alur kronologis
Lakuning crita sing dironce miturut urutaning wektu. Alur kronologis antarane:
1.   tahap tetepungan (wektu, papan, paraga)
2.   tahap padudon
3.   klimaks (padudon saya rame/muncak)
4.   anti klimaks (padudon saya medhun)
5.   Ngrampungake crita

2.   Pandhapuking paraga utawa karakterisasi
Pandhapuking paraga yaiku pandhapuking watak tumrap para paraga crita ana ing sawijining karya sastra.

Paraga crita kadadeyan saka :
 a.   Paraga protagonis
Paraga ana ing karya sastra sing nyekel pimpinan, ana ing drama utawa crita rekaan tansah dadiparaga kang sentral.
b.   Paraga antagonis
Paraga ana ing karya sastra sing minangka rnungsuhe paraga utama.
c.   Paraga bunder
Paraga ana ing karya sastra sing dibedakake watake, dadi bisa dibedakake saka paraga liyane.
Paraga bunder bisa ngagetake para pamaos amarga kadhang kala katon watak kang ora dinyana-nyana.
 d.   Paraga dafar utawa pipih
Paraga ana ing karya sastra kang ora dingrembakakake sacara maksimal, lan apa kang ditindakake utawa diomongake ora gawe dadakan kang gawe kaget kanggone para maos.
e.   Paraga durjana
Paraga ana ing karya sastra sing duweni watak ala, lan minangka paraga kang dadi underaning masalah utawa tukang adu-adu ana ing drama utawa crita.
f.    Paraga statis
Paraga ana ing karya sastra sing sithik banget utawa malah ora ana babar bias owah-owahan.
g.   Paraga tambahan
       Paraga ana ing karya sastra sing ora ngucapake omongan apa-apa. Paraga iki ora nyekel, peran, lan uga ora penting minangka individu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar