Wangsalan, yaiku sabangsane cangkriman, nanging
wangsulane/batangane wis disebutake pisan sanajan kanthi sinandhi( ora diblakakake).
Wujude wangsalan;
1. wangsalan lamba
Wangsalan lamba yaiku
wangsalan sing batangane mung siji (lamba).
Umpamane: roning mlinjo
sampun sayah nyuwun ngaso.
Roning mlinjo (godhong
mlinjo)= jenenge so (ngaso)
2. wangsalam memet
Wangsalan memet yaiku
wangsalan sing carane nggoleki batangane ambal kaping pindho. Umpamane: nguler
kambang anggone mlaku alon-alonan.
Uler kambang (lintah) = satitahe
= alon-alon
3. wangsalan rangkep
Wangsalan rangkep yaiku
wangsalan sing batangane luwih saka siji.
Umpaman: pungkasaning
atur kula njenang sela wader kalen
sesondheran apuranta yen wonten lepat kawula.
Jenang sela: gamping
dijenang jenenge apu a apuranta
Wader kalen sesondheran: wader kalen sing duwe sondher jenenge iwak
sepat = lepat
4. wangsalan padinan
Wangsalan padinan lumrah
kanggo pacelathon sadina-dina ana sing disebutake batangane lan uga ana sing ora
disebutake batangane amarga siang diajak guneman wis dianggep ngerti.
Umpamane: balung klapa,
ethok-ethok ora ngerti.
Balung klapa (bathok) =
ethok-ethok
Tidak ada komentar:
Posting Komentar