Sabtu, 24 Oktober 2015

Nulis Cerkak



NULIS CERKAK KANG PRASAJA

Cerkak yaiku crita ngenani bab panguripan sawijining pawongan kang dicritakake kanthi ringkes. Sing dicritakake yaiku amung sethithik saka panguripane. Lakuning crita utawa plot antarane: 1) tetepungan, 2) masalah (konfHk), 3) klimaks, lan 4) ngrampungake crita/penyelesaian.
Saka cerkak kang narik kawigaten yaiku anggone ngrampungake masalahe, yaiku ngrampungake masalah sing bisa gawe sengsem para pamaos. Cerkak kang bisa sengseme para maos yaiku cerkak sing ngandhut kualitas kang dhuwur lan cerkak kang ngandhut kualitas kang asor (picisan).
Perangan lakune nulls cerkak yaiku kanthi:
1.                               Nemtokake tema
-          Pilih tema kang narik kawigatenmu
-           Tema kang wis dipilih kudu dimangerteni tenan
-          Temane arupa masalah bab panguripanmu lan panguripane para maos/pembaca
2.                               Nemtokake Tujuan
-          Tujuan kudu cetha
-          Tujuan kudu diprinci/spesifik
-          Sapa kang bakal ma'ca/pembaca?
Tuladha.
Menawa milih tema cacating awak iku ora dadi pepalang kanggo nggayuh gegayuhan/cita-cita. Nuduhake marang para maos menawa sukses anggone nggayuh gegayuhan iku ora gumantung dening lengkaping fasilitas (kalebu lengkape perangan awak), ananging sing nemtokake yaiku ketekunan.
3.                                Nemtokake Topik
Saka tema lan tujuan kang wis ditetepake ing dhuwur, mula bisa nemtokake topik kang jumbuh/salaras. Tuladha:
Bambang sawijining wong cacat awake kang sukses.
4.                               Nemtokake cengkorongan crita utawa lakuning crita
Menawa wis milih topik kaya ing dhuwur, mula cengkorongan utawa lakuning crita kaya ing ngisor iki:
-          Bambang wong kang cacat awake.
-          Sikile pincang amarga kena bencana lindhu kembrukan tembok.
-          Dheweke ora mindher marang sapa wae menawa dheweke rumangsa bener.
-          Kanthi bantuan kursi roda, dheweke kuiiah ing fakultas kedokteran.
-          Dheweke bisa ngrampungake anggone kuiiah kanthi entuk biji nomer siji.
-          Dheweke dadi dhokter bedhah kang pinercaya lan sukses.
5.   Ngisi kedadean-kedadean ana ing saben cengkorongan utawa lakuning crita
Cengkorongan utawa lakuning crita diperang dadi patang kelompok, yaiku kelompok tetepungan, kelompok konflik/masalah, kelompok klimaks, lan kelompok ngrampungake crita.
Kelompok pengenalan diisi kanthi prastawa-prastawa/kedadean sing asifat tetepungan karo para maos. Umpamane gegambaran postur Bambang, ana ing ngendi papan dununge/omahe, kepiye kahanan keluwargane lan liya-liyane.
Kelompok konflik/ masalah diisi kanthi prastawa-prastawa kang tegang kanggone para pamaos. Umpane kesusahane Bambang, salah paham antarane Bambang lan kulawargane, kanca-kancane kang tansah meri, iri marang ketabahane Bambang, lan sapiturute.
Kelompok klimaks diisi kanthi prastawa-prastawa kang bener-benergawe tegang sing kaya-kaya bakal ngajurake tema. Umpamane, Bambang nemoni kacilakan nalika arep ujian akhir, kursi roda Bambang dirusak dening kancane kang iri, Saben ana kampus/sekolah Bambang tansah diece-marang kanca-kancane, kulawargane Bambang ngusir ngusir Bambang saka omahe Isp.
Kelompok ngrampungake crita diisi kanthi prastawa-prastawa sing minangka cara metu saka konflik klimaks dadi tema kang wis ditemtokake bisa diwujudake. Umpamane, Bambanr 'ulus kanthi Cumlaude, kanca-kancane njaluk pangapura amarga rumangsa kleru/salah, keluwargane getun amarga tumindake ora dadi pepalang Bambang Isp.


6.   Nguripake swasana ana ing saben kedadean
Kanggo nguripake prastawa iki bisa ditindakake kanthi cara menehi gambaran kang bisa ngrangsang pancaindra. Nyusun dialog sing wajar antarane parga utama lan paraga tambahan, menehi swasana crita kang bisa ndukung prastawa.
Umpamane:
- Gegambaran awake Bambang kang kuru lan klambi kang prasaja.
- Omongan antarane Bambang lan sedulure, antarane Bambang lan kanca-kancane, Isp
 - Swasana kang nrenyuhake nalika kursi roda Bambang dirusak kancane, nalika ujian kang pungkasan bakal dibiji.

(Kapethik saka Paket Pelajaran Bahasa dan Sastra Indonesia kanggo SMA kelas II, TIM A3,1990:109 kanthi owah-owahan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar