Tata krama diskusi
"Diskusi"
bisa ditegesi "perundingan", tukar pikiran, ngrembuk sawijining bab/
masalah. Mula saka iku menawa diskusi ditindakake luwih saka sawong utawa
saPeserta didik. "Diskusi" bisa nglatih watak sosial kang apik,
tuladhane bisa biantu kancane kang kangelan mangerteni wulangan kang durung
dimangerteni/dipahami, bisa nglatih ngajeni panemuning wong liya, bisa nglatih
kekendelan ngetokake/ngandharake panemune dhewe marang wong liya kanthi
tanggung jawab lire bisa menehi alasan kena apa bisa duwe panemu kaya kang
diomongke, bisa ngurangi rasa"individualisme" utawa "egois"
kang tundhone bisa gotong royong kanggo nemokake dalan utawa dudutan saka sawijining
bab/masalah.
Tatakramane kurang
luwih yaiku:
1. Migunakake
basa kang becik yaiku migunakake unggah-ungguh basa
2. Anggone
ngandharake panemu aja gawe lara atine wong liya
3. Kudu bisa menehi
dhasar/alasan kang tinemu nalar
4. Swara lan
pangucape cetha lan gampang ditampa dening wong liya
5. Polatan lan
patrape migunakake tata karma
6. Bisa menehi
kalodhangan wektu kanggo wong liya ngandharake gagasane
7. Kudu tetep
ngajeni panemune wong liya sanajan ora setuju
8.
Keputusan/hasil dijupuk minangka keputusan kelompok
Cakrik cerpen (unsur-unsur
intrinsik) antarane:
1.
Tema
Tema yaiku inti utawa
ide pokok crita. Tema minangka pathokan pengarang kang dhisik dhewe anggone
nyritakake critane.
2.
Alur
Alur yaiku pola kanggo ngrembakake crita kang mujudake
hubungan sebab-akibat. Alur kaperang
antarane:
a. Pengenalan kahanan crita
b. Nyritakake kahanan sawijining kedadean
c. Anane konflik
d. Pucuking konflik
e. Ngrampungake
konflik
3.
Latar
Latar/setting yaiku papan, wektu lan swasana kedadean
tumindake paraga utawa kedadean kang dialami paraga.
4.
Tokoh/paraga
Penokohan yaiku
cara pengarang anggone nggambarake lan ngrembakakake karakter paraga ana ing
crita.
5.
Sudut
Pandang
Sudut pandang (point of view) yaiku posisi pengarang
anggone nyritakake sawijining crita. Pengarang anggone nyritakake crita bisa dileksanakake kanthi:
i. Minangka wong
kapisan utawa
ii. Bisa minangka wong katelu kang minangka wong
kang nyetitekake crita.
6.
Amanat
Amanat minangka ajaran moral utawa peen kang bakal
dicritakak panulis marang para maos kanthi liwat karyane.
7.
Gaya bahasa
Gaya bahasa gunane kanggo nuwuhake swasana
kang mligi sing bisa ngatonake sawijininn gegayutan lan sesambungan antarane
para paraga. Basa lan gaya bahasa bisa uga digunakake pengarang kanggo
tandha pengarang niteni karakter paraga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar