HAPENE GENJUR
Menyang sekolahan nggawa handphone utawa hape pancen lagi
ngetrend. Nek gak nggawa hape jare kurang gaul! Mula, bocah-bocah SMP Negeri panggonane
Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis akeh sing nggawa hape menyang sekolahan.
Kae delengen ! haryo ing wektu ngaso kuwi wis mencet-mencet keybad hapene
dikancani Genjur lan Bejo sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi,
bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria.
Haryo mesem kecut nalika mbukak es-em-es saka Pipit. Mau
kirim es-em-es menyang Pipit. Tulisane: Pit, aku digarapke PR matematika ya!
Yen kowe ana dhuwit kanggo tuku bakso, aku ya gelem nggarapke. Yen kowe ana
panganan enak-enak, aku ya sumadia . Apamaneh suk yen kowe wis ana mobil
hadhiyah saka bapakmu, aku ya tambah saya gelem nggarapake PR mu!
Wangsulane Pipit liwat es-em-es: Aku wedi, Har!
Mengko dak didukani pak guru, wong yen nggarapake PRe kancane ora oleh lan
bijine bakal disuda ning menawa ngajari carane oleh. Harjo kukur-kukur
sirahe. Amarga rumangsa ora bisa nggarap PR Matematika.
"Har aku nyilih sak-es-em-es-an wae, ya?"
Bejo kepencet pengin kirim es-em-es.
"Kowe arep es-em-es sapa ta Jo?" pitakone
Haryo.
"Es-em-es R
Irit, Har! Oleh, kan?" krungu wangsulane Bejo
kuwi, Genjur ngguyu kepingkel-pingkel.
"Jo, Bejo! Wong Ririt ora duwe hape kok arep
kokkirim es-em-es!" Guntur maido.
"Ya ben ta! Iri ta kowe merga aku arep disilihi
hape karo Haryo?"
"Sing
arep nyilihi kowe sapa? Kana-kana ngaliha! Ngganggu wong lagi asyik wae!"
haryo ngusir bocah loro kuwi kanthi kejem. Kepeksa Genjur lan Bejo ngalih
banjur lungguh jejer nang teras kelase. Bocah loro kuwi mung bisa nyawang Haryo
sing lagi es-em-es-an karo Pipit. Kamangka, Pipite dhewe lungguh ora adoh saka
Haryo. Kira-kira patang meteran saka panggone Haryo lungguh, Edan ora ?
Genjur wis
ngiler pengin duwe hape dhewe. Yen duwe hape rak penak! Isa es-em-es-an karo
nawangsih, adhike wedok Haryo sing imut-imut kae. Ngono sing ana
pikirane Genjur. Mula mulih sekolah kuwi Genjur langsung mogok mangan. Ing
lawang kamare dicentheli kertas wis ditulisi: LAGI MOGOK MANGAN MERGA ORA
DITUKOKKE HAPE!
Ibune genjur sing wis mulih saka dodolan bubur ing pasar
ora nggape. Ibune malah banjur es-em-es bapake Genjur. Pa, Genjur mogok
mangan njaluk hape! Pa, Let sedhela ana wangsulan saka bapake genjur. Togna
ae, Ma! Mengko yen luwe rak nyosor dhewe!
Pancen Ibu lan Bapake Genjur wis padha-padha nyekel hape,
sanajan ta hapene sing modhel lawas. Alasane bapak lan ibune genjurjare ben
komunikasi antarane suami lan istri terjalin bisa terjalin harmonis. Sakliyane
kuwi, bapake genjur sing pagaweyane makelaran kuwi pancen butuh sing jenenge
hape kuwi. Amarga transaksi jual-beli luwih penak yen liwat hape.
Lha yen ibune Genjur sing mung bakui bubur kuwi kok
nggawa hape kanggo apa?
"Ya, kanggo nyervis bojo ta! Yen sakwayah-wayah bojo
mbutuhake rak bisa ngubungi liwat hape. Umpamane pengin dimasakne sop buntut,
apa pengin ditukokake gethuk lindri, utawa liyane, rak bisa ndang
taksiapke"! ngono alasane ibune genjur nalika ana sing taken, dodol bubur
kok nggaya nggawa hape barang?
Nganti bengi kuwi Genjur durung metu saka kamar. Bapak
lan ibune sing wis ngumpul ana omah wiwit khuwatir. Aja-aja genjur
gek....keturon! Lha wong wiwit awan durung mangan. Yen lara rak mesakake.
Apamaneh Genjur kuwi anak lanang ontang-anting. Yen lara angel
tamban-tambanane. Obat saka dhokter ora mempan. Lagi waras yen wis diombeni
banyu godhongan kulit duren. Lan, saiki durung usum duren. Yen nganti lara
tenan rak angel nggolekna kulit duren.
" Njur bocah! Metua nak! Kana mangana dhisik!"
Bapake Genjur nyeluk karo nothog lawang.
" Wegah yen ora ditukokake hape!
Aku ora arep metu saka kamar saklawase. Ben kamar iki
dadi seksi kekejemane wong tuwaku!" wangsulane Genjur saka njero kamare
karo mewek.
"Ya, wis! Suk yen wis ana rejeki taktukokne! Ning,
kowe latihana dhistk carane nggunakake hape, ya! Wis saiki ndang metua!"
Genjur metu saka kamar kanthi praupan seneng.
"Tenan ta, Pak! Aku latihane nganggo hapene bapak
apa ibu?"
"Latihanmu nganggo garhbar hape wae, Njur! Mengko
takguntingke gambar hape kanggo latihanmu!"
"Huh, Bapak! Ning, yen ana rejeki ditukokne tenan Iho,
Pak!"
"lya, iya, Njur! Ning kowe mbok sing ketok modern
ta! Mosok nyeluk kok bapak karo ibuk. Nyeluka papa karo mama ngono Iho!"
Esuk kuwi Genjur wis siap mangkat sekolah. Klambi
sragam putih abu-abu wis dienggo. Sarapan entek rong piring, lawuh sambel kecap
ya wis. Wis siap tempur pokoke! Ning, nalika weruh hapene bapake, eh papane,
sing lagi ngglethakana meja ruang tamu, jangkahe kandheg. Tolah-toleh ngiwa
nengen, ndhuwur ngisor! Wah, papa karo mamane ora ngerti. Gage wae hape disaut
dilebokake tase terus nggeblas mangkat menyang sekolahan.
Tekan sekolahan ketemu Haryo lan Bejo sing lagi
ngobrol karo Pipit lan Ririt. Kabeh bocah kuwi padha nggawa hape dhewe-dhewe.
Haryo, Pipit, lan Ririt nyekel hape ing tangane. Mung bejo sing nggawa hapene
nganggo cara dikalungna. Kathik hapene modhel hape modhel hape kanggo mbalang
asu kae. Kae Iho, hape weton lawas sing guedhe! Mulane lakune Bejo kok rada
mbungkuk. E, jebul kabotan hape, ta? Hi hi hi.
"Aku ya wis duwe hape! Iki Iho hapeku!"
Genjur ngetokake hape saka tas banjur dipamerake.
"Hebat kowe, Njur! Hapemu kuwi hape apik. Mereke
Nukiyo, ta!" Pipit ngelem nganti genjur krenggosan saking suenenge dilem
cewek ayu. "Pira nomer hapemu, Njur?"
"Nomer... nomer... nomer hapeku?
Eh, pira, ya? Aku ora apal kok!" wangsulane
Genjur grogi.
" Wah piye ta? Duwe hape kok ora apal nomere? Jajal
miscallen nomer hapeku!" aloke Haryo.
"Miscall? Apa miscall kuwi, Har? Hapeku disawatna
menyang kowe ngono piye?" Genjur bingung karo plolang-plolong. Bejo ngguyu
kekel.
"Miscall kuwi awakmu ngebela nomer hapene haryo. Yen
hapene Haryo wis nyaut, hapemu kenselen!" Bejo njelasna kanthi ati
bombong, kamangka, Bejo olehe sinau nggunakake hape ya lagi mau bengi. Iki v\
}e njaluk diajari tanggane nganti jam papat esuk. Nganti tanggane misuh-misuh.
Lha, piye? Bejo diajari bola-bali ning kok ora nyandhak-nyandhak. Mulane nganti
parak esuk.
Bel tandha mlebu wis muni. Bocah-bocah gage mlebu kelase
dhewe. Pelajaran ing jam pertama kelase Haryo sakanca mau matematika. Gurune Pak
Aljabarun sing kerenge kagila-gila.
"Tolong yang bawa hape, hapenya dimatikan semua!
Disekolah khusus pelajaran saya kalian tidak boleh bawa hape. Hape dititipkan
ke pak Satpam biaraman. Pak Aljabarun ngelingana.
"Eh, har? Piye carane mateni hape?" Genjur
mbisiki Haryo sing lungguh ing bangku ngarepe. Haryo mung gedheg. Semono uga
Bejo nalika genjur takon kanthi bisik-bisik. Genjur dadi bingung. Wedi yen
nalika pelajaran hapene muni. Bisa cilakak tenan!
"Ndang balia, sri! Ndang balia! Aku lara mikir kowe
ana neng ngendi? Ndang balia, sri! Ndang balia! Tega temen kowe lunga
ninggalake aku!" Swara ringtone hapene genjur muni tenan. Kathik banter
sisan. Sakala kabeh mripat nyawang Genjur sing lagi bingung mateni hapene
kanthi mijeti keybode ngawur. Sing kepijet malah tombol kanggo njawab
panggilan. Mula banjur keprungu swarane papane genjur lagi muring-muring saka
hape.
"Genjur! Balekna hapene papa! Nggawa kok gak
omong-omong. Awas, yen ora cepet kokbaleke, sangumu sesasitakstop!"
"Piye carane mateni? Piye iki? Tulung! Tulung!"
genjur mbingungi.
Bocah sakelas ngakak bareng-bareng. Malah Pak aljabarun
ya ora bisa ngempetguyune. Oalah, Njur, Njur! Durung bisa nggunakake hape kok
wis kesusu kae! Akhire Genjur diukum dening Pak aljabarun. Ukumane, dikongkon
ngeterake hapene papane menyang omah. Ning, ora oleh mlaku biasa. Mlakune kudu
engklek. Hi hi hi!.
(Kapethik saking Panyebar SemangatNo 37, tanggal 16
September 2006 kanthi ewah-ewahan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar