Sabtu, 24 Oktober 2015

Maca Cerkak



. Cak-cakaning maca cerkak
Cak-cakane anggone maca cerkak bisa werna loro, yaiku sing diapalake lan diwaca tunggal disebut monolog lan sing diwaca kanthi tetep nyekel tulisan/teks diarani maca cerkak. Sadurunge maca cerkak  ing kene kudu bisa mbedakake maca lan macakake. Maca yaiku sawijing pakaryan nyurasa sawijining tulisan kanggo awake dhewe. Mula anggone maca bisa dibatin, bisa dremimil, grenengan lan liya-liyane. Cekake amarga amung kanggo awake dhewe mula terus anggone maca ngawur utawa sakarepe dhewe.
Dene menawa macakake yaiku pakaryan nyurasa sawijining tulisan katujokake dhening wong liya. Pramila anggone maca kudu runtut, las-lasan, cetha. Supaya para pamriksa, nggatekake, mula anggone maca kudu apik lan kebak pangrasa utawa ekspresif. Maca sing becik ateges nguripake maneh aksara-aksara sing katulis.
Nalika awake dhewe duwe ayahan macakake, kudu bisa ngetokake kanthi kebaking pangrasa, ora amung njejer tembung lan aksara wae. Ing pakaryan iki kudu bisa nemtokake:
-          cepet lan alon
-          sora lan lirih
-          ngaso (pause)
-          aksen (tekanan)
(Kapethik saka Pembinaan Ketrampilan Bersastra Daerah, Yohanes Siyamto, S.Pd., 22Juni-26 Juni 2009; kaca 70 kanthi owah-owahan)

1 komentar:

  1. Matur nuwun, mbak Lestari Joeniarni sampun kersa nggatosaken lan mendhet andharan kula babagan gladhen "ekspresi lisan." Mugi saged mendhet mupangatipun. Salam rahayu.

    BalasHapus