
INDRASWARI
“ Para Peserta didik
sekaliyan, aliran Behaviorisme itu menganggap manusia seperti
mesin. Manusia tidak mempunyai otak. Oleh karena itu, belajar itu
merupakan usaha untuk membentuk suatu
kebiasaan. Jadi bila ada kesalahan berbahasa harus segera dibetulkan.”
Gayane Indraswari nirokake cara mulang
gurune. Anggone nirokake lengkap tindak tanduke, solah tangane, malah kadang
kala ditambahi dhewe sing mlaku genit, asal tunjuk Peserta didik liyane sing
mesthi wae ora prelu dijawab wong mung dienggo gaya. Peserta didik liyane padha
ngguyu. Rumangsa digeguyu Indras saya keladuk.
“Berbeda dengan pendapat Corder yang mengatakan
kesalahan itu merupakan bagian dari belajar bahasa”.
Peserta didik liyane sing mau pada
ngakak, guyune saya entek mung cekikikan amarga weruh guru sing ditirokake
gayane mlebu alon-alon. Indraswari sing nrocos ing tengah-tengah ruwangan
madhep Peserta didik ora ngerti yen gurune wis mlebu karo klecam-klecem weruh
tingkahe. Amarga ora ngerti Indraswari terus nrocos wae.
“Kesalahan itu justru menunjukkan bukti adanya proses
belajar dalam diri pembelajar.”
Yani kanca rakete menehi kode yen gurune
wis rawuh.
“Oleh karena itu….ya oleh karena itu…”Indraswari
klincutan karo nylamur-nylamur marani kursi. Mesthi wae sing mau pada cekikian
banjur ambyar guyune.
“Ha…ha….ha…..” Pak Guru mung meneng wae.
Peserta
didik banjur tanggap cep klakep. Cetha yen pak Mawardi duka iki. Nanging jebule
ora guruku kuwi ora duka, malah kepara seneng ana Peserta didik sing bisa
nirokake gayane mulang. Sapa ngerti besuk bisa dadi guru. Kandha ngono banjur
diiringi applause dening kanca-kancaku. Indraswari mung mesem kecut.
Nanging
jane mono ora kaya sing dikarepake Pak Mawardi kuwi. Kancaku Indras kuwi pancen
rada kenes, kendel, ya kendel ing pelajaran ya kendel karo cowok, ning ya
sumbut, wong dheweke ki ya pinter. Nanging ya kuwi yen wis kumat malah kepara
nylelek. Contone nyelelek ya kaya mau kae. Dheweke kuwi seneng nirokake gayane
guru-gurune. Ning ya lagi pisan iki konangan.
Mangka Pak
Mawardi iku sing pinter nguwasani bahan, ya pinter anggone nerangake. Dadi ora
ana sing wani nyepelekake ndilalah esuk-esuk lagi jam pitu kurang sepuluh menit
kok Indras wis action. Kanca-kanca mung padha ngguyu malah ana sing ngomong
Indras kumat gedhenge. Ana sing ngomong Indras durung lulus saka “pakem” lan
liya-liyane sing gegayutan karo tembung edan, gila, ora kebak. Nanging dhasar
Indras dheweke ora maelu. Prinsipe ayake biar anjing menggonggong kafilah terus
berlalu. Tundhone ketanggor, konangan Pak mawardi.
Nalika ing
kantin, Indras sing digarap dening kanca-kanca, lagi padha enak-enak mangan bakso,
Yudi tampil nirokake gayane Indras. Anggone nirokake ditambah-tambahi kanthi
mlethat-mlethotke lambene. Mesthi wae Indras dadi sewot, banjur ngadeg.
“Yud,
kelakon takputus tenan kowe”!
“Jangan
sayang, hanya dikaulah yang kucintai, tiada duanya di dunia ini. Tak seorangpun
dapat berteduh, dalam hatiku selain dirimu…”
Lagu
dhangdhut gayane Yudi nirokake Imam S Arifin. Sing mesthi wae digawe-gawe wong Yudi pancen dudu pacare
Indras, naning ya kaya ngono kuwi Indras yen nembak kancane. Rumangsa gagal, Indras
saya mangkel, terus maju megal-megol ngajak sol yudi, nanging Yudi malah
mandheg kisinan anggone nyanyi. Yudi trima kalah yen ngono iku. Lha wong Indras
kok diedani, malah dheweke ngluwihi gendheng. Rumangsa senjata sing kaping
pindho kasil, Yudi saya dijungkelake.
“Mas Paiman
sing mbayari cewek telu iki mengko Yudi,” bengoke Indras karo menyat ninggalake
kantin.
“Mati aku”.
Grenenge Yudi.
……………………………………………………………………………………………
(Kapethik saka Djaka Lodang no 30, Anggitan
Warih Jati Rahayu taun 2006 kanthi
besutan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar