Minggu, 15 Februari 2015

lajengipun wulangan 6 nanem pantun

3. Nanem Pantun
Menawi bibit/winih pantun sampun umur 17-25 dinten ateges sampun siap dipundaut lan dipuntanem. Bibit pantun dipuntata wonten ing lahan ingkang sampun siap ditanemi kanthi dipunjejer wonten ing baris-baris. bab menika dipuntindakaken supados para tani gampil anggenipun nanem pantun. Limrahipun menawi nnem pantun menika kanthi let ingkang teratur. Ingkang asring dipuntindakaken para tani wonten ing tanah Jawa letipun 20 cm. Dipuntanem 10-15 cm ngantos oyotipun kependhem wonten ing siti.
4. Pangupakaranipun
sasampunipun dipuntanem saklajengipun badhe tuwuh wonten ing pinten-pinten minggu. Menawi mekaten  taneman sampun awit mbetahaken toya ingkang cekap, kedah dipunrabuk, saha dipunresiki suket ing sakiwa tengenipun supados tanetengenipun taneman pantun kanthi cara dipunwatun. Kangge asil ingkang sae ugi supados taneman boten risak kedah dipunbrastha ama ingkang ngganggu taneman.
5. Panen Pantun
Taneman pantun sampun wiwit ketingal ijo royo-royo, anakipun sampunkathah lan subur. Pantun wiwit njedhili mbaka setunggal. Sedaya pantun sampun jumedhul, menika mratandhani menawi kematak utawi mrekatak. para tani sampun ayem manahipun amargi sekedhap malih bakal ngendhah anggenipun nanem. pantun sampun tumungkul, biasanipun pantun sampun siap dipunpanen menawi sampun umur 4-5 wulan. pantun sampun ketinggal mentes saha werninipun kuning. Wayahipun panen para tani sami panen, boten kesupen nyiapaken ubarampe kangge wiwit lan panen. salah setunggaling alat panen inggih menika ani-ani, kanggo methik pantun saking gagangipun. pantun dipuniles dipunpepe lajeng dipuntutu hasilipun saged dipunsade utawi saged kangge tedha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar