Sabtu, 24 Oktober 2015

Bambang Taruntung



b mB= trunTu==
?bmB=trunTu=ke[pzinFfis}[z[z,nzi=[so[rotTi=s}[z[zklhk[romenDu=, bmB=trunTu=ke[pzinFfimenDu=, menDu=kb/kenazin-, ? bmB=trunTu= ke[pzinFfiazin- azinKlhsekTik[rogunu=,bmB=trunTu=ke[pzinFfigunu=.
?gunu=si=gghp][kosklhk[rotikus\ gunu=fiae=[goae[ro=,bnJu/bmB=trunTu=ke[pzinFfitikusW[a.

Wangsalan sinawung ing tembang



Wangsalan, yaiku sabangsane cangkriman, nanging wangsulane/batangane wis disebutake pisan sanajan kanthi sinandhi( ora diblakakake).

Wangsalan ing tembang
PANGKUR
Jirak pindha munggweng wana,
Sayeng kaga we rekta kang muroni
Sinambi kalaning nganggur,
Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,
Baon sabin ing nawala,
Kinarya langen pribadi.

Gatekna larik 1-3
Woh jirak ing tengah alas= kesambi=sinambi
Sayeng kaga= golek manuk= kala=kalaning
We rekta kang muroni= banyu abang sing mendemi=anggur=nganggur

 Gatekna larik 4-5
Wastra tumrap mustaka= klambi sing ana sirah= pangikete

Gatekna larik 5-6
Baon sabin= nyambut gawe ing sawah=makarya=kinarya
Naawala=layang sipate pribadi=langen pribadi

Wangsalan



Wangsalan, yaiku sabangsane cangkriman, nanging wangsulane/batangane wis disebutake pisan sanajan kanthi sinandhi( ora diblakakake).
Wujude wangsalan;
1. wangsalan lamba
Wangsalan lamba yaiku wangsalan sing batangane mung siji (lamba).
Umpamane: roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso.
Roning mlinjo (godhong mlinjo)= jenenge so (ngaso)
2. wangsalam memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane ambal kaping pindho. Umpamane: nguler kambang anggone mlaku alon-alonan.
Uler kambang (lintah) = satitahe = alon-alon
3. wangsalan rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan sing batangane luwih saka siji.
Umpaman: pungkasaning atur kula njenang sela wader kalen sesondheran apuranta yen wonten lepat kawula.
Jenang sela: gamping dijenang jenenge apu a apuranta
Wader kalen sesondheran:  wader kalen sing duwe sondher jenenge iwak sepat = lepat
4. wangsalan padinan
Wangsalan padinan lumrah kanggo pacelathon sadina-dina ana sing disebutake batangane lan uga ana sing ora disebutake batangane amarga siang diajak guneman wis dianggep ngerti.
Umpamane: balung klapa, ethok-ethok ora ngerti.
Balung klapa (bathok) = ethok-ethok

(LKS Sembada Kelas VIII)

Pangkur



PANGKUR
Laras : pelog pathet nem
Titi laras: Arintaka
Cakepan: Wedhatama KGPAA Mangkunegara IV


3          5      5          5     .    3          3          3       3.  0
Kang-  a      ran-    Pan-       dha-   wa          Li-    ma,
3      5          5          5  6.     1          1          1     1   2         3          2 . 1. 0
Pun-ta          de-       wa        Wer-    ku-    da-     ra- ka-       ping        dwi
5          6    1     1 .    1           1                1  .    1   2   3       1  .  2 .   0
Dyan-   har-     ju-  na-      kang      ka -            te-                   lu,
6          5      5          5    .     5          6          4 .  5 .  6 5 .  0
Na-      ku-    la-       lan          Sa-        de-                   wa,
5         5       5          6 .        1          1          1          1          1      2  1 2    3        3  . 0
Kang mi-     nang-   ka-       ka-      dang-    mu-      dha      ing- kang    kan- tun - 
6      1          1          1          1          1          1          1  .   0
Le-  li          ma-      ne        sung     tu-        la-        dha,
1      2          3    .     1          2          3          6 .   5   3     2 .  1.   0
Nu-  ho-       ni         bu-       di         pa-           kar-              ti.

Alur



NULIS CERKAK
1. Alur
a.   Alur miturut raket lan orane yaiku:
- Alur raket utawa alur ketat
Rumaketing prastawa kang ana ing crita utawa sawijining karya sastra, sing menawa salah siji saka prastawa ana ing karya sastra iku mau diilangake ngganggu wutuhing crita.
- Alur renggang utawa alur longgar
Rumaketing prastawa kang ora nyawiji ana ing sawijining karya sastra, ngilangake salah siji saka prastawa kang ana ora bakal ngganggu lakuning crita.
b.   Miturut cakrik/susunan alur
-    Alur maju utawa alur progresif
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu saiki terus nggambarake wektu kang bakal teka utawa mbesok.
-    Alur mundur
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu biyen terus nggambarake wektu saiki.
-   Alur gabungan
Nggunakake alur maju lan alur mundur ana ing sawijining crita kanthi bebarengan.
a.    Miturut urutaning prastawa
-    Alur klimaks
 Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing tumapak saya munggah/menanjak sifate.
-    Alur antiklimaks
Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing tumapak sava mudhun/meni/run sifate.
-    Alur kronologis
Lakuning crita sing dironce miturut urutaning wektu. Alur kronologis antarane:
1.   tahap tetepungan (wektu, papan, paraga)
2.   tahap padudon
3.   klimaks (padudon saya rame/muncak)
4.   anti klimaks (padudon saya medhun)
5.   Ngrampungake crita

2.   Pandhapuking paraga utawa karakterisasi
Pandhapuking paraga yaiku pandhapuking watak tumrap para paraga crita ana ing sawijining karya sastra.

Paraga crita kadadeyan saka :
 a.   Paraga protagonis
Paraga ana ing karya sastra sing nyekel pimpinan, ana ing drama utawa crita rekaan tansah dadiparaga kang sentral.
b.   Paraga antagonis
Paraga ana ing karya sastra sing minangka rnungsuhe paraga utama.
c.   Paraga bunder
Paraga ana ing karya sastra sing dibedakake watake, dadi bisa dibedakake saka paraga liyane.
Paraga bunder bisa ngagetake para pamaos amarga kadhang kala katon watak kang ora dinyana-nyana.
 d.   Paraga dafar utawa pipih
Paraga ana ing karya sastra kang ora dingrembakakake sacara maksimal, lan apa kang ditindakake utawa diomongake ora gawe dadakan kang gawe kaget kanggone para maos.
e.   Paraga durjana
Paraga ana ing karya sastra sing duweni watak ala, lan minangka paraga kang dadi underaning masalah utawa tukang adu-adu ana ing drama utawa crita.
f.    Paraga statis
Paraga ana ing karya sastra sing sithik banget utawa malah ora ana babar bias owah-owahan.
g.   Paraga tambahan
       Paraga ana ing karya sastra sing ora ngucapake omongan apa-apa. Paraga iki ora nyekel, peran, lan uga ora penting minangka individu.