Atur-atur
Permadi : “Kula
nuwun”.
Pak Seno :
“O, nak Seno, kene-kene lungguh kene, rakya dha slamet ta, nak?”
Permadi :
“Inggih Pak, pangestunipun”. (sinambi salaman)
Pak Seno :
“Wah kok njanur gunung, ana wigati apa iki?”
Permadi :
“Kepareng kula matur Bapak. Ingkang sepisan sowan kula mriki tuwi kawilujenganipun Bapak.
Dene kaping kalihipun kula dipunutus dening bapak Pandhu,
panjenenganipun dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke sonten bakda Maghrib saperlu kendhuri tasyakuran
khitanan adik Haryo Tutuka”.
Pak Seno : “Iya nak, aturmu wis dak tampa,
matura pak Pandhu, yen ora ana alangan sawiji apa aku dak sowan minangkani
pamundhute, aturna uga salamku kagem panjenengane.”
Permadi : “Inggih Pak, matur nuwun. Salajengipun sarehning taksih kathah jejiban ingkang
dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula matur wonten
kalepatan, kula
nyuwun pangapunten”. (sinambi salaman)
Pak Seno :
“Iya Nak, padha-padha”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar