PRANATACARA
PRANATACARA
Werdine Pranatacara
Pranatacara uga
diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara,
pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa
pranata laksitaning adicara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe
jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara .
Cecawis Sanguning Pranatacara
Murih jejibahan bisa kasil kanthi
becik, pranatacaralan pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh
sarat sarana kang baku yaiku :
a.
Swara
Swara pinangka srana babaraning basa
kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,
membat mentul, kepenak
dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis
–manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup
sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan
lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
b.
Busana / Ageman
Ajining raga
gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan
kang diemban bisa kaleksanan kanthi
becik Pranatacara lan pamedhar sabda
kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa
kaperluwane ana ing upacara , rapi, lan tumata panatane.
c.
Subasita
Trapsila utawa
tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa
ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja
digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku.
Owah-owahan pasemon
uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone
jumbuh karo swasana.
d.
Basa lan sastra
Basa kang digunakake pranatacara lan
pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
becik,
endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
trep
panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
·
Sapa sing guneman
·
Sapa sing tumanggap
wawan gunem/audiens
·
Sapa /apa sing
digunem
·
Kepriye swasanane (wektu, papan,
kahanan)
Dene kawruh
kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh
pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup:
pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh
karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.
Cengkorongan Baku Wicara Pranatacara
a.
Pambuka
· Salam pambuka
· Sapa aruh marang
tamu
· Muji syukur mring
Pangeran
b.
Maosake rantamaning adicara
c.
Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka
wasana
d.
Ngaturake lan mandhegani adicara
siji mbaka siji kanthi wijang
e.
Panutup
·
Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu
nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)
·
Nderekake ndedonga panutup
f.
Salam panutup
Praktik Pranatacara
Praktik utawa maca
teks wicara pranatacara apadene praktik
utawa maca teks sesorah, prayogane
nggatekake konsep 4 W, yaiku :
1.
Wicara
Wicarane sing
las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo
/dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.
2.
Wirama
Senajan katone mung
sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama sing metu
saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan volume
suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa becik, ora
keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga digatekake.
3.
Wiraga
Patrap, sikep nalika
nindakake dadi pranatacara .Solahbawanewongdadi pranatacara iku kudu
manteblantetegmadhepmarangpamriksa,ajatumungkul/ndhingkluklanajandangak.
Kaudia bisa ngecakake prinsip Sapta-
Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan Mawwat.
4.
Wirasa
Wirasa utawa
penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap :
Tanggap ing swasana
(tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang
antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang
kang nandhang dhuhkita
Tuladha pranatacara prasaja
PERPISAHAN KELAS IX
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun ingkang
kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati, Bapak
Ibu wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, para kanca/kadang nunggal
pawiyatan ingkang sutresna.
Langkung rumiyin
mangga kula dherekaken muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT,
ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, sehengga
ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula, saged ngrawuhi acara
Perpisahan Kelas IX SMP Tunas
Bangsa Tahun 2018/2019
Bapak Kepala Sekolah
tuwin Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan kula ingkang kadhapuk
mingangka adicara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening
adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia.
1. Adicara ingkang
sapisan Pambuka.
2. Tanggap wacana
saking Bapak Kepala Sekolah.
3. Tanggap wacana
saking wakil kelas IX.
4. Tanggap wacana
saking wakil kelas VII/VIII.
5. Panutup donga.
Bapak Ibu tamu
undangan ingkang kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah
ing wekdal menika. Bapak – ibu guru, raka kelas IX dalasan para kanca sumangga
adicara punika kawiwitan kanthi maos basmallah sesarengan. Sumangga
---------------------------------------------Waosan
Basmallah---------------------------------------------
Ngancik adicara ingkang kaping kalih inggih menika
Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah, ingkang menika dumatheng Bapak
Suradi, M.Pd. minangka Kepala Sekolah
sasana pangandikan mugi katur.
-----------------------------Tanggap
wacana saking Bapak Kepala Sekolah---------------------------
Matur nuwun
dumatheng panjenenganipun Bapak Suradi, M.Pd.
Adicara ingkang
kaping tiga inngih menika Tanggap wacana sakil wakil kelas IX, dhumateng
sederek Adam kasumanggaken.
---------------------------------Tanggap
wacana saking wakil kelas IX---------------------------------
Matur nuwun
dhumateng sederek Adam.
Adicara ingkang
kaping sekawan inngih menika Tanggap wacana sakil adik kelas wakil kelas
VII/VIII, dhumateng sederek Bimo kasumanggaken.
---------------------------------Tanggap
wacana saking wakil kelas VII/VIII--------------------------
Matur nuwun
dhumateng sederek Bimo.
Salajengipun adicara
ingkang pungkasan inggih menika panutup minangka pranatacara ing adicara dinten
menika, mbok bilih kathah kalepatan atur, kula nyuwun agunging pangaksama.
Mingangka pratanda
raos panuwun, ing pungkasan adicara menika, sumangga kita ngaturaken Puji
Syukur dumatheng Gusti Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah, Sumangga.
----------------------------------------------Waosan
Tahmid-----------------------------------------------
Ing wasana cekap
semanten. Sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Tuladha Maca/ Praktik MC
Tidak ada komentar:
Posting Komentar