UNGGAH-UNGGUH BASA ING BEBRAYAN SEKOLAH LAN MASYARAKAT
A. Materi
Pembelajaran
1.
Materi untuk
menyatakan setuju/ tidak setuju, menanggapi jawaban tidak benar, memberi
semangat, menyatakan harapan atau doa, menyatakan ikut berbahagia maupun
berbela sungkawadilingkungan
sekolah.
Materi
Pembelajaran (Prosedural)
Unggah-ungguh Wong Micara:
Akeh wong kang diurmati dening wong liya, kajen
keringan amarga saka guneme utawa tetembungane trep lan gawe endahe
sesrawungan. Mula saka iku, wong micara kudu nggatekake:
1.
Guneme sing becik lan saperlune wae,.
2.
Aja nyela gunemane wong liya, entenana nganti ukarane
rampung,.
3.
Aja gampang nyacad lan maido marang panemune wong
liya,
4.
Sanajan ora cocog karo panemumu, panemune wong liya
becik tetep digatekake lan diurmati,
5.
Yen ora cocog karo panemumu, anggonmu nyela utawa
ngandharake panemu prayogane njaluk ngapura luwih dhisik, upamane:
a.
“Nyuwun pangapunten, menawi pamanggih kula
mekaten……..”
b.
“Nuwun sewu, yen panemuku kok mangkene……..”
Kanthi
mangkono wong sing duwe panemu sadurunge ora banjur gela, wong kang srawunge
becik bakal disenengi dening wong liya satemah rumaket anggone padha
paseduluran.
Materi
Pembelajaran (Faktual)
1. Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan
sekolah
Budiman : “Kanca-kanca, kowe kabeh wis krungu
ngendikane Pak Martana mau awan ta?”
Jumadi : Ya wis, apa bab sinau kelompok.”
Budiman : Bener, mumpung UN isih sawetara wektu,
prayogane awake dhewe gawe kelompok belajar.”
Basuki : “Wah, setuju banget kuwi, supaya
enggal bisa sinau bebarengan.”
Ahmad : “Yen, mangkono Budiman wae sing mbage
kelompok, wong ketua kelas kok.”
(bebarengan):
“setuju!”
Rahayu : “Aku duwe panemu yen anggota kelompok
kudu diwawas, ana sing pinter, dadi bisa marai kanca-kancane lan cacahe kudu
ganjil.
Purwaka : “Wah, sakjane aku setuju nanging yen
omahe adoh-adoh kepriye? Apa ora adhedhasar omahe sing cerak wae anggota
kelompok kuwi?”
Ahmad : “Ngono ya becik, upamane ing kelompok
kuwi ana soal sing ora bisa dirampungake, bisa takon kelompok liyane. Rak ya
ngono ta kanca-kanca?
(bebarengan):
“akur…..”
2.
Menehi
semangat ing lingkungan sekolah
Tekaku
telat
Kaya padatan, esuk kuwi kabeh wis arep nindakakae
kewajibane dhewe. Bapak tindak kantor dene putra-putrane budhal sekolah. Bapak
nitih sepedha montor. Dene putra-putrane mung numpak sepedha wae. Sawise nyuwun
pangestu marang wong tuwane bocah-bocah mau padha budhal sekolah. Widada
mboncengake Widaningsih, Widati nyepedha dhewe.
Widati :
“Mas, banku nggembos…..kepriye iki?”
Widada : “Ya wis yen mangkono, Dhik Wid
nganggo sepedhaku mboncengake Dhik Ning. Dene aku sing nambalake banmu, wis
kana budhala dhisik.
Sarehne kudu nambalake ban sepedha, Widada tekane
telat kahanan sekolahe wis sepi, Widada dikendel-kendelake matur marang Pak
Suhardi guru Matematika sing wektu iku lagi ngasta.
Widada :
“Nuwun Pak….kepareng kula matur.
Pak
Suhadi : “ O, kowe Widada, kene
mlebu, napase ditata banjur lagi matur. (Widada matur alon nanging cetha,
tangan ngapurancang, sirah ndingkluk)
Widada : Nyuwun pangapunten, kula
telat awit kedah nambalaken ban rumiyin, kula nyuwun idin mlebet.
Pak
suhadi : O, ya. Alangan iku pancen
ora bisa dinyana-nyana sanajan manungksa wis ngati-ati. Ora ana sing bisa nolak
alangan.
Piwulang ing budi pekerti:
1.
Tansaha tumindak pangati-ati
2.
Ngalah karo sedulur iku tumindak utama
3.
Yen rumangsa salah enggala nyuwun pangapura
4.
Alangan iku minangka
pacoban mula ora perlu digetuni.
3. Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan sekolah
DHISIPLIN
Dina Senen, upacara Bendera wis
diwiwiti nanging Guntur keri. Dheweke bingung banget jalaran wedi yendidukani.
Dumadakan Pak Biyanto Guru BK (Bimbingan Konseling) katon. Guntur ditimbali lan
didhawuhi melu upacara saka kadohan. Anwar, Anis, Boni lan Wartana uga padha
telat. Sawise upacara rampung bocah-bocah mau didhawuhi mlebu ing ruang BK.
Pak Biyanto : “Bapak ora duka. Ayo padha lungguh
sing jejeg! Mesem apa ngguyu” (Pak Biyanto mbombong bocah-bocah).
Anis : “Kula
sedaya lajeng didhawuhi menapa Pak ?
Pak Biyanto : “Coba wedang putih ing gelas-gelas
kaegawanen mrene. Padha ngelak ta?(Anis njupuk wedang putih, sagelas dicaosake
Pak Biyanto, patang gelas. Dicawisakekanca-kanca.Bareng
wis padha ngombe raine katonsumringah).
Pak Biyanto :
”Kepriye, anggonmu padha arep matur Bapak?”
Anis :
“Kula sedaya rumaos lepat, Pak! Mugi-mugi Bapak kersa maringi
pangapunten.Salajengipun kula sedaya badhe
nindakaken dhawuh saha netepi aturan upacarakanthi sadhar saha tanggel jawab
dhateng pribadi. Mboten badhe kasep malih”.
PakBiyanto : “Bener! Dhisiplin kuwi kudu metu
saka rasa tanggungjawab pribadi.
Tumindak dhisiplinamarga
saka rasa wedi utawa amarga ana sing
ngawasi iku ora apik lan ora
sehat. Sebab yen duwe rasa ora wedi utawa ora ana sing ngawasi mesthi bakal
tumindak sakarepe dhewe sanajan ngerti
ana aturan. Tumindak dhisiplin kudu metu saka rasa
tanggung jawab pribadi lan metu
saka prentuling ati. Mula ana sing
ngarani dhisiplin mental. Ha…
ha…ha(Pak Biyanto gumujeng karo nyalami bocah papat ganti-ganti).
Wartana : (Karo noleh marang Boni)” Bon
aku tak ganti takon kowe! Bapak guru sing disiplin Kuwi sapa?”
Boni : “Nuwun
sewu Pak, ya Pak Biyanto iki”
Anis : “Apa alasane?”
Guntur : Alasane cetha, awake dhewe nerak aturan, ora
didukani. Malah diparingi wedang, mari ngelak, ora mnagkel, nanging … kapok !
(ha…ha… kabeh padha ngguyu, singoramung Pak biyanto)
Pak Biyanto : “Sembrana, wis kana padha mlebu
kelas”! (Bocah-bocah nuju kelase
dhewe-dhewe karo
keduwung nanging bungah)
Materi
Pembelajaran (Faktual)
Pangandikane
Pak Lurah ing adicara bersih desa:
Nuwun
panjenenganipun bapak saha ibu sesepuh dhusun ingkang dahat kinurmatan, para
lenggah sadaya ingkang kula tresnani. Mangga kita sadaya tansah muji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti, dene ing wekdal menika kita sadaya saged kempal ing adicara bersih dhusun menika tanpa alangan
satunggal menapa. Perlu kawuningan bilih bersih dhusun menika katindakaken awit
raos syukur kita sadaya, awit Gusti sampun paring nugrahanipun awujud panen
ingkang sae asilipun. Nanging ugi awit panjenengan sadaya kersa nindakaken
pakaryan kanthi ngolah pasiten kanthi tlaten. Saengga asilipun saged karaosaken
sesarengan.
Kita
sadaya nindakaken bersih dhusun menika sampun atusan taun kepengker, kanthi
turun temurun nglestarekaken budaya luhur. Sanajan jaman sangsaya majeng
mugi-mugi adicara menika tetep lestari. Kajawi mujudaken raos syukur ugi raos
pasedherekan ing antawisipun kulawarga satunggal lan atunggalipun tansah guyub
, rukun salebetipun gesang ing madyaning bebrayan. Temtu kemawon sedaya menika
katindakaken kanthi raos eklas lair lan batosipun.
Para
rawuh sadaya makaten wau ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatan nyuwun
pangapunten.
1.
Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan
kulawarga
2.
Nyaruwe wangsulan kang ora bener ing lingkungan
kulawarga
3.
Menehi semangat ing lingkungan kulawarga
4.
Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan kulawarga
Ukara pangarep-arep (pangajab)
Ing wulangan kepungkur, wis diandharake menawa ukara
iku ujaran kang wis sampurna kang dadi sarana wedharing gagasaning manugsa.
Tandha sampurnaning ujaran ditengeri tandha titik (.), pitakon (?), utawa pakon
(!). Manut isine, ukara bisa dipilah dadi maneka warna wujude antarane yaiku
ukara pangarep-arep utawa pangajab mujude kaya ukara panjaluk nanging alus.
Ukara pangarep-arep lumrahe mawa tembung: Muga, muga-muga, mugi, mugi-mugi,
lsp.
Tuladha:
1.
Muga-muga Gusti paring pitulungan marang aku lan kowe!
2.
Mugi-mugi sukmanipun tinampi ing ngarsaning Gusti
Ingkang Maha Kuwasa!
3.
Pangarep-arepku, muga kakangmu enggal bali!
4.
Panjalukku, kowe bisaa momong lan urip rukun karo
adhimu!
5.
Muga-muga kowe bisa sekolah ing ngayogyakarta, krasan
lan bisa sinau kanthi becik!
NELAKAKE RASA SENENG
Jam setengah pitu Firda budhal
sekolah. Ora lali nyuwun pamit Bapak lan Ibune. Nalika pamitan, astane bapak
lan ibune diambung. Dina kuwi ora kaya adat sabene. Firda diparingi dhuwit
bapake Rp. 10.000,- supaya dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi.
Wah, Firda seneng banget. Tembunge, “ Matur nuwun Pak”astane bapake diambung
maneh. Ulate seneng sumringah. Bapake dhawuh, ngendikane,” ya, padha-padha.
Sinaua kang sregep, supaya pinter”.
Satekane
ing sekolahan Firda crita marang kancane. “Wah, marem aku, seneng aku. Dina iki
aku diparingi dhuwit bapaku kanggo tuku piranti tulis”.
Manawa
wong kanggonan rasa seneng, lumrahe banjur ngucapake ukara isi
pangalemdikantheni polatan sumeh, nyenengake, kebak rasa kabagyan, lan bombong
ing ati.
Tuladha liyane
1. Hore simbah rawuh!
2. Aha ! aku diparengake
plesir ing kraton!
3. Wah begja aku,bijiku
entuk 10!
4. Marem aku, ngrungokake
swaramu kang gandem!
5. Seneng aku, wingi
mubeng-mubeng ing Taman Sari
GLADHEN !
Digarap ana ing buku tulis, dikumpulke kanthi cara kirim liwat email.
1. |
Gawea ukara kang nelakake rasa setuju lan ora setuju
ana ing rapat OSIS! |
2. |
Gawea ukara
kang nelakake rasa menehi semangat marang kanca kang arep maju lomba macapat! |
3. |
Gawea ukara
kang nelakake rasa pangarep-arep utawa donga kanggo bu Guru kang nembe gerah! |
4. |
Gawea ukara
kang nelakake rasa seneng amarga kancamu juwara lomba nyanyi! |
5. |
Gawea ukara kang nelakake rasa belasungkawa amarga
simbahe kancamu seda! |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar