Senin, 13 Juli 2020

NELAKAKE SARUJUK LAN ORA SARUJUK LAN MELU SENENG

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA 
Nelakake rasa sarujuk lan ora sarujuk, nelakake rasa seneng ing lingkungan sekolah/masyarakat.
Kompetensi Dasar
3.1 Memahami teks untuk menyatakan berbagai maksud dan tujuan dalam masyarakat sesuai dengan unggah-ungguh

Tujuan 

Dengan menyimak media powerpoint materi unggah-ungguh basa peserta didik dapat memahami penggunaan tataran bahasa jawa  untuk menyatakan setuju/ tidak setuju, menyatakan ikut berbahagia maupun berbela sungkawa, dilingkungan sekolah/keluarga dengan benar sesuai unggah-ungguh.

UNGGAH – UNGGUH BASA

 

I.        Jinising Basa Miturut Uggah – Ungguh

  1. Ngoko

1.       Ngoko lugu

2.       Ngoko andhap (ngoko alus)

  1. Krama

1.       Krama lugu

2.       Krama alus

Katerangan

A.  Ngoko

1. Ngoko Lugu

1) Sing nganggo :

a.    Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget

b.    Menyang sing kaprenah enom utawa andahane

c.     Wong sing lagi nyunandika (mbatin)

d.    Bocah cilik sing lagi ajar guneman

2)    Wujude

a.    Kabeh tembung ngoko, tanpa tembung krama / krama inggil tumrap sing dijak guneman

b.    Yen perlu kena nggunakake  tembung krama inggil nanging mung tumrap sing digunem

3)    Tuladha

-      Aku sarujuk karo gagasanmu menawa saiki luwih becik ana omah wae supaya uwal saka  virus COVID.

-      Aku ora sarujuk menawa sesuk pada dolan amarga wabah durung ilang.

-      Aku melu bungah ya mas, kang mas entuk juara nulis geguritan lumantar internet.

-      Dik aku melu seneng ya, kowe saiki wis isa maca majalah basa Jawa.

-      Melu bela sungkawa awit sedane simbahmu ya Ton.

 

2.    Ngoko Andhap (Ngoko Alus)

a)      Sing Nganggo

-        Menyang sapadha-padha sing isih pada dene ngajeni

-        Menyang kaprenah nom sing luwih dhuwur kalungguhane

b)      Wujude : Ngoko lan krama inggil

c)       Tuladha :

-        Sliramu apa Sarujuk pemanggihe pak RT?

-        Aku ndherek bela sungkawa awit sedane sedulurmu ya. 

B.    Krama

1.       Krama lugu

1)        Panganggone : Sapadha-padha sing dianggep luwih endhek kalungguhane utawa enom

2)        Wujude : krama kabeh

3)        Tuladha :

a)     Sampeyan punapa sarujuk kalih gagasan kula

b)    Kula ndherek bingah awit kakang sampeyan sampun lulus

2.       Krama alus

1)        Sing nganggo : Marang kaprenah tuwa, marang tepungan anyar,                                sapadha-padha sing padha olehe ngajeni, marang wong kang luwih dhuwur kalungguhane.

2)        Wujude : krama, krama inggil

3)        Tuladha :

a)     Panjenengane boten sarujuk pamanggih kula?

b)    Kula ndherek mangayubagya putra panjenengan ingkang sampun lulus.

c)     Ndherek bela sungkawa awit sedanipun sedherek panjenengan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar