Kangge Kelas VIII sem 1
KOMPETENSI DASAR
Memahami berbagai fungsi teks lisan sesuai dengan unggah-ungguh Jawa.
TUJUAN PEMBELAJARAN
Memahami unggah-ungguh basa Jawa untuk berbagai keperluan dirumah
Pangertosan
Tatakrama yaiku unggah-ungguhing guneman lan tindak tanduk unggah-ungguh basa gayutane bab guneman tindak tanduk gayutane bab solah tingkah/solah bawa.
Manut ewah-ewahan jaman, saiki ragam basa Jawa
mung kapantha dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha
maneh dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama uga kapantha
dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus. Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama
lugu, lan krama alus kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
a. Ngoko Lugu
Ngoko lugu wujude kabeh tetembungane
migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu digunakake kanggo omong-omongan antarane
wong sing wis kekancan akrab lan wong tua marang anake.
Tuladha:
1) Kowe mengko neng ngomah apa ora?
2) Amir ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3) Kowe sida melu bapak menyang Sala apa ora
ndug?
4) Mengko bengi sinau bareng neng ngomahmu ya?
b. Ngoko Alus
Ngoko alus wujude tembung-tembung ngoko kang
dicampuri tembung krama kanggo ngajeni wong sing diajak omong-omongan. Ngoko
alus biayasane digunakake kanggo omong-omongan antarane wong diwasa sing wis
akrab ananging isih padha ngajeni, wong tuwa marang wong nom sing diajeni, lan
kanggo ngomongake wong sing diajeni.
Tuladha:
1) Pak Amin wis rawuh apa durung?
2) Panjenengan arep tindak menyang Semarang dina
apa?
3) Mas Anto arep siram saiki apa mengko?
4) Wingi Pak Dhe rawuhe nitih motor mabur.
c. Krama Lugu
Krama lugu wujude kabeh tetembungane nganggo
tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu
biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang
arep tuku.
Tuladha:
1) Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2) Mangke kula betakake dhateng daleme
panjenengan.
3) Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4) Bapak kundure mangke jam kalih.
d. Krama Alus
Krama alus wujude kabeh tetembungane krama
kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa,
anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.
Tuladha:
1) Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga
bapak.
2) Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3) Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala
wingi.
4) Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku
basa Jawi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar