Jumat, 31 Juli 2020

TATA KRAMA MERTAMU KALIYAN ATUR_ATUR

TATA KRAMA MERTAMU KALIYAN ATUR-ATUR

Atur-atur

Permadi           : “Kula nuwun”.

Pak Seno          : “O, nak Seno, kene-kene lungguh kene, rakya dha slamet ta, nak?”

Permadi            : “Inggih Pak, pangestunipun”. (sinambi salaman)

Pak Seno          : “Wah kok njanur gunung, ana wigati apa iki?”

Permadi            : “Kepareng kula matur Bapak. Ingkang sepisan sowan kula mriki tuwi                             kawilujenganipun Bapak. Dene kaping kalihipun kula dipunutus dening bapak                             Pandhu, panjenenganipun dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke sonten                             bakda Maghrib saperlu kendhuri tasyakuran khitanan adik Haryo Tutuka”.

Pak Seno          : “Iya nak, aturmu wis dak tampa, matura pak Pandhu, yen ora ana alangan sawiji            apa aku dak sowan minangkani pamundhute, aturna uga salamku kagem                              panjenengane.”

Permadi            : “Inggih Pak, matur nuwun. Salajengipun sarehning taksih kathah jejiban ingkang 

                            dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula matur wonten 

                            kalepatan, kula nyuwun pangapunten”. (sinambi salaman)

Pak Seno          : “Iya Nak, padha-padha”.

 



Senin, 20 Juli 2020

UNGGAH-UNGGUH BASA ING BEBRAYAN SEKOLAH LAN MASYARAKAT

UNGGAH-UNGGUH BASA ING BEBRAYAN SEKOLAH LAN MASYARAKAT

A.   Materi Pembelajaran

 

1.   Materi untuk menyatakan setuju/ tidak setuju, menanggapi jawaban tidak benar, memberi semangat, menyatakan harapan atau doa, menyatakan ikut berbahagia maupun berbela sungkawadilingkungan  sekolah.

 

Materi Pembelajaran (Prosedural)

Unggah-ungguh Wong Micara:

Akeh wong kang diurmati dening wong liya, kajen keringan amarga saka guneme utawa tetembungane trep lan gawe endahe sesrawungan. Mula saka iku, wong micara kudu nggatekake:

1.     Guneme sing becik lan saperlune wae,.

2.    Aja nyela gunemane wong liya, entenana nganti ukarane rampung,.

3.    Aja gampang nyacad lan maido marang panemune wong liya,

4.    Sanajan ora cocog karo panemumu, panemune wong liya becik tetep digatekake lan diurmati,

5.    Yen ora cocog karo panemumu, anggonmu nyela utawa ngandharake panemu prayogane njaluk ngapura luwih dhisik, upamane:

a.    “Nyuwun pangapunten, menawi pamanggih kula mekaten……..”

b.    “Nuwun sewu, yen panemuku kok mangkene……..”

Kanthi mangkono wong sing duwe panemu sadurunge ora banjur gela, wong kang srawunge becik bakal disenengi dening wong liya satemah rumaket anggone padha paseduluran.

 

Materi Pembelajaran (Faktual)

1.  Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan sekolah

Budiman      : “Kanca-kanca, kowe kabeh wis krungu ngendikane Pak Martana mau awan ta?”

Jumadi         : Ya wis, apa bab sinau kelompok.”

Budiman      : Bener, mumpung UN isih sawetara wektu, prayogane awake dhewe gawe kelompok belajar.”

Basuki           : “Wah, setuju banget kuwi, supaya enggal bisa sinau bebarengan.”

Ahmad         : “Yen, mangkono Budiman wae sing mbage kelompok, wong ketua kelas kok.”

(bebarengan):      “setuju!”

Rahayu         : “Aku duwe panemu yen anggota kelompok kudu diwawas, ana sing pinter, dadi bisa marai kanca-kancane lan cacahe kudu ganjil.

Purwaka       : “Wah, sakjane aku setuju nanging yen omahe adoh-adoh kepriye? Apa ora adhedhasar omahe sing cerak wae anggota kelompok kuwi?”

Ahmad         : “Ngono ya becik, upamane ing kelompok kuwi ana soal sing ora bisa dirampungake, bisa takon kelompok liyane. Rak ya ngono ta kanca-kanca?

(bebarengan):      “akur…..”

 

2.   Menehi semangat ing lingkungan sekolah

Tekaku telat

Kaya padatan, esuk kuwi kabeh wis arep nindakakae kewajibane dhewe. Bapak tindak kantor dene putra-putrane budhal sekolah. Bapak nitih sepedha montor. Dene putra-putrane mung numpak sepedha wae. Sawise nyuwun pangestu marang wong tuwane bocah-bocah mau padha budhal sekolah. Widada mboncengake Widaningsih, Widati nyepedha dhewe.

Widati                 : “Mas, banku nggembos…..kepriye iki?”

Widada               : “Ya wis yen mangkono, Dhik Wid nganggo sepedhaku mboncengake Dhik Ning. Dene aku sing nambalake banmu, wis kana budhala dhisik.

Sarehne kudu nambalake ban sepedha, Widada tekane telat kahanan sekolahe wis sepi, Widada dikendel-kendelake matur marang Pak Suhardi guru Matematika sing wektu iku lagi ngasta.

Widada               : “Nuwun Pak….kepareng kula matur.

Pak Suhadi           : “ O, kowe Widada, kene mlebu, napase ditata banjur lagi matur. (Widada matur alon nanging cetha, tangan ngapurancang, sirah ndingkluk)

Widada                 : Nyuwun pangapunten, kula telat awit kedah nambalaken ban rumiyin, kula nyuwun idin mlebet.

Pak suhadi           : O, ya. Alangan iku pancen ora bisa dinyana-nyana sanajan manungksa wis ngati-ati. Ora ana sing bisa nolak alangan.

Piwulang ing budi pekerti:

1.     Tansaha tumindak pangati-ati

2.    Ngalah karo sedulur iku tumindak utama

3.    Yen rumangsa salah enggala nyuwun pangapura

4.    Alangan iku  minangka pacoban mula ora perlu digetuni.


3. Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan sekolah

 

DHISIPLIN

Dina Senen, upacara Bendera wis diwiwiti nanging Guntur keri. Dheweke bingung banget jalaran wedi yendidukani. Dumadakan Pak Biyanto Guru BK (Bimbingan Konseling) katon. Guntur ditimbali lan didhawuhi melu upacara saka kadohan. Anwar, Anis, Boni lan Wartana uga padha telat. Sawise upacara rampung bocah-bocah mau didhawuhi mlebu ing ruang BK.

Pak Biyanto         : “Bapak ora duka. Ayo padha lungguh sing jejeg! Mesem apa ngguyu” (Pak Biyanto mbombong bocah-bocah).

Anis                      : “Kula sedaya lajeng didhawuhi menapa Pak ?

Pak Biyanto         : “Coba wedang putih ing gelas-gelas kaegawanen mrene. Padha ngelak ta?(Anis njupuk wedang putih, sagelas dicaosake Pak Biyanto, patang gelas. Dicawisakekanca-kanca.Bareng wis padha ngombe  raine katonsumringah).

Pak Biyanto         : ”Kepriye, anggonmu padha arep matur Bapak?”

Anis                      : “Kula sedaya rumaos lepat, Pak! Mugi-mugi Bapak kersa maringi

pangapunten.Salajengipun kula sedaya badhe nindakaken dhawuh saha netepi aturan upacarakanthi sadhar saha tanggel jawab dhateng pribadi. Mboten badhe kasep malih”.

PakBiyanto          : “Bener! Dhisiplin kuwi kudu metu saka rasa tanggungjawab pribadi.

Tumindak dhisiplinamarga saka rasa wedi utawa amarga ana sing

ngawasi iku ora apik lan ora sehat. Sebab yen duwe rasa ora wedi utawa ora ana sing ngawasi mesthi bakal tumindak   sakarepe dhewe sanajan ngerti ana aturan. Tumindak dhisiplin kudu metu saka rasa

tanggung jawab pribadi lan metu saka prentuling ati. Mula ana sing

ngarani dhisiplin mental. Ha… ha…ha(Pak Biyanto gumujeng karo nyalami bocah papat ganti-ganti).

Wartana              : (Karo noleh marang Boni)” Bon aku tak ganti takon kowe! Bapak guru sing disiplin Kuwi sapa?”

Boni                     :  “Nuwun sewu Pak, ya Pak Biyanto iki”

Anis                      : “Apa alasane?”

Guntur                 :  Alasane cetha, awake dhewe nerak aturan, ora didukani. Malah diparingi wedang, mari ngelak, ora mnagkel, nanging … kapok ! (ha…ha… kabeh padha ngguyu, singoramung Pak biyanto)

Pak Biyanto         : “Sembrana, wis kana padha mlebu kelas”! (Bocah-bocah nuju kelase

dhewe-dhewe karo keduwung nanging bungah)

 

 

Materi Pembelajaran (Faktual)

Pangandikane Pak Lurah ing adicara bersih desa:

Nuwun panjenenganipun bapak saha ibu sesepuh dhusun ingkang dahat kinurmatan, para lenggah sadaya ingkang kula tresnani. Mangga kita sadaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti, dene ing wekdal menika kita sadaya saged kempal  ing adicara bersih dhusun menika tanpa alangan satunggal menapa. Perlu kawuningan bilih bersih dhusun menika katindakaken awit raos syukur kita sadaya, awit Gusti sampun paring nugrahanipun awujud panen ingkang sae asilipun. Nanging ugi awit panjenengan sadaya kersa nindakaken pakaryan kanthi ngolah pasiten kanthi tlaten. Saengga asilipun saged karaosaken sesarengan.

Kita sadaya nindakaken bersih dhusun menika sampun atusan taun kepengker, kanthi turun temurun nglestarekaken budaya luhur. Sanajan jaman sangsaya majeng mugi-mugi adicara menika tetep lestari. Kajawi mujudaken raos syukur ugi raos pasedherekan ing antawisipun kulawarga satunggal lan atunggalipun tansah guyub , rukun salebetipun gesang ing madyaning bebrayan. Temtu kemawon sedaya menika katindakaken kanthi raos eklas lair lan batosipun.

Para rawuh sadaya makaten wau ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatan nyuwun pangapunten.

 

1.     Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan kulawarga

2.    Nyaruwe wangsulan kang ora bener ing lingkungan kulawarga

3.    Menehi semangat ing lingkungan kulawarga

4.    Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan kulawarga

 

Ukara pangarep-arep (pangajab)

Ing wulangan kepungkur, wis diandharake menawa ukara iku ujaran kang wis sampurna kang dadi sarana wedharing gagasaning manugsa. Tandha sampurnaning ujaran ditengeri tandha titik (.), pitakon (?), utawa pakon (!). Manut isine, ukara bisa dipilah dadi maneka warna wujude antarane yaiku ukara pangarep-arep utawa pangajab mujude kaya ukara panjaluk nanging alus. Ukara pangarep-arep lumrahe mawa tembung: Muga, muga-muga, mugi, mugi-mugi, lsp.

Tuladha:

1.     Muga-muga Gusti paring pitulungan marang aku lan kowe!

2.    Mugi-mugi sukmanipun tinampi ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwasa!

3.    Pangarep-arepku, muga kakangmu enggal bali!

4.    Panjalukku, kowe bisaa momong lan urip rukun karo adhimu!

5.    Muga-muga kowe bisa sekolah ing ngayogyakarta, krasan lan bisa sinau kanthi becik!

 

NELAKAKE RASA SENENG

 

Jam setengah pitu Firda budhal sekolah. Ora lali nyuwun pamit Bapak lan Ibune. Nalika pamitan, astane bapak lan ibune diambung. Dina kuwi ora kaya adat sabene. Firda diparingi dhuwit bapake Rp. 10.000,- supaya dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi. Wah, Firda seneng banget. Tembunge, “ Matur nuwun Pak”astane bapake diambung maneh. Ulate seneng sumringah. Bapake dhawuh, ngendikane,” ya, padha-padha. Sinaua kang sregep, supaya pinter”.

            Satekane ing sekolahan Firda crita marang kancane. “Wah, marem aku, seneng aku. Dina iki aku diparingi dhuwit bapaku kanggo tuku piranti tulis”. 

            Manawa wong kanggonan rasa seneng, lumrahe banjur ngucapake ukara isi pangalemdikantheni polatan sumeh, nyenengake, kebak rasa kabagyan, lan bombong ing  ati.

Tuladha liyane

1.     Hore simbah rawuh!

2.    Aha ! aku diparengake plesir ing kraton!

3.    Wah begja aku,bijiku entuk 10!

4.    Marem aku, ngrungokake swaramu kang gandem!

5.    Seneng aku, wingi mubeng-mubeng ing Taman Sari


GLADHEN !

Digarap ana ing buku tulis, dikumpulke kanthi cara kirim liwat email.


1.

Gawea ukara kang nelakake rasa setuju lan ora setuju ana ing rapat OSIS!

2.

Gawea ukara kang nelakake rasa menehi semangat marang kanca kang arep maju lomba macapat!

3.

Gawea ukara kang nelakake rasa pangarep-arep utawa donga kanggo bu Guru kang nembe gerah!

4.

Gawea ukara kang nelakake rasa seneng amarga kancamu juwara lomba nyanyi!

5.

Gawea ukara kang nelakake rasa belasungkawa amarga simbahe kancamu seda!


































Minggu, 19 Juli 2020

UNGGAH-UNGGUH BASA ING LINGKUNGAN SEKOLAH


UNGGAH-UNGGUH BASA ING LINGKUNGAN SEKOLAH

Materi untuk meminta perhatian, memuji,  meminta ijin dilingkungan  sekolah.

1.      Meminta Perhatian

Yuli Matur

Kaya adate, sawisse padha ngrungokake katerangan Bapak Guru Sudarma, bocah-bocah padha nyatheti lan nggarap gladhen. Dina iku lagi padha sinau Basa Jawa

Dumadakan Yuli kebelet nguyuh. Sejatine wis sawetara krasa nanging diampet wae. Saiki wis ora bisa tahan maneh. Mula banjur ngadeg klambi lan roke ditata. Mlaku alon menyang ngarep kelas, nyedhaki Pak Guru Sudarmo. Yuli mandheg ngadeg jejeg tangan tumata ngapurancang, ulat sumeh. Nuli matur marang bapak Darma, nuwun sewu, keparenga nyuwun pamir dhateng wingking sekedhap. Yuli matur alon, lirih nanging cetha karo awkake dibungkukake sethithik. Bapak Sudarmo manthuk lan ngendika, “Ya.”

Yuli mbungkuk sethithik mundur, banjur minger lunga menyang pakiwan. Ora nganti rong menit Yuli wis bali menyang kelas, mlaku alon lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Yuli matur, Sampun Bapak, matur nuwun. Bapak sudarmo manthiuk lan ngendika ngucapake tembung padha-padha. Yuli banjur bali menyang palungguhan. Kasebut iku tata kramane bocah sing ana jero kelas menawa kepeksa perlu metu. Nyuwun pamit luwih dhisik marang bapak guru sawise diparingi idin lagi nindakake apa perlune. Yen wis rampung perlune, nuuli matur minangka caor lapuran lan ora lali  ngaturake matur nuwun. Kabeh kang ditindakake murid mastri digatekake dening gurune, mula dadi murid iku kudu tansah kebak ing unggah-ungguh lan tata krama.

 

2.      Memuji

Lomba Sesorah

Ana sangarepe kaca lemari, Ratri tansah umak-umik. Kadhang kala sirahe melu gela-gelo. Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem.

Bu Wasito            : Ratri, taksawang kawit mau, kowe kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa? Kok ya nganggo mic barang.

Ratri                     : Bu, kula menika nembe latihan sesorah, awit minggu ngajeng ing sekolah menika dipunwontenaken lomba sesorah. Lan kula kepengin sanget tumut lomba menika.

Bu Wasita                        : Wah yen ngonno bener kowe Ratri, yen kowe kepengin melu lomba kowe kudu sregep latihan supaya anggonmu sesorah bisa becik

Ratri                     : Inggih, Bu nanging kula menika taksih radi kangelan anggenipun badhe milih-milih tembung ingkang sae tur inggih leres, Bu.

Bu Wasita                        : Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan aiki isih pinter sesorah

Ratri                     : menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke kula badhe nyuwun dipun gladhi kalihan bapak.

Bu Wasita                        : Iya kena wae kowe nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan nyoba luwih dhisik. Dadi yen mengko bapakmu kondur, mung kari mbenerake lan nambah aperlune wae.

Ratri                     : kasinggihan Bu, ancas kula panci mekaten, mugi-mugi kemawon bapak enggal kondur saking jakarta nggih, Bu.

Bu Wasito            : iya ratri, aku lan kowe kudu tansah ndedonga muga-muga bapakmu tansah pinaringan keslametan

Ratri                     : Inggih, Bu.

Piwulang  budi pekerti:

1.      Yen kowe kepengin bisa kudu wani sinau lan latihan

2.      Ora kena umuk yen dialem dening wong liya malah kepara sregep anggone latihan

3.      Kudu ngajeni asiling karya wong liya

4.      Ora kena nyacad apa kang wis ditindakake wong liya

 

3.      Meminta Ijin

 

Nyuwun idin

Pak Prabowo lagi nerangake bocah-bocah babagan tata krama. Bocah-bocah padha nggatekake kanthi premati. Wis sawetara Wigdati krasa kepengin nguyuh. Sawise ora tahan maneh, Widati ngadeg banjur ngacungake tangan. Widati ngadeg banjur mlaku alon-alon nyedhaki Pak Prabowo. Tangan ngapurancang, awak rada mbungkuk, matur aon nanging cetha.

 

Widati            : “Nuwun sewu, Pak. Kula nyuwun idin badhe dhateng kolah.”

Pak Prabowo  : “Ya kana (Sajroning Widati mengang kolah, Pak Prabowo nerusake anggone ngendikan).

Pak Prabowo  : “Ya kaya mangkono iku patrape menawa arep nyuwun idin, nuduhake rasa urmat marang wong sing disuwuni idin. Mlaku, lungguh, omong, iku kabeh kudu nganggo tata krama (ora let suwe Widati mlebu maneh banjur matur marang Pak Prabowo.

Widati            : “Sampun, Pak matur nuwun”

Pak Prabowo  : “iya padha-padha (Pak Prabowo karo manthuk-manthuk) (Widati alon-alon minger banjur lungguh ing papane. Pak Prabowo nerusake pangandikane.)

Pak Prabowo  : “Bocah-bocah, patrape Widati mau iku becik, dadi sadurunge lan sawise nindakake perlune kudu matur, ora lali ngaturake panuwun marang sing maringi idin. Bocah-bocah kudu kulina matur terus terang, yen kepengin menyang kolah aja diampet mundhak lara   wetenge.

Bocah-bocah banjur mangerti yen patrape lan ature Widati iku becik, pantes diconto. Sebab iku minangka tuladha tata kramane yan arep nyuwun idin.

 

Piwulang budi pekerti:

1.      Bocah-bocah kudu kulina matur terus terang marang sapa wae

2.      Sadurunge lan yen wis rampung perlune kudu matur lan ngaturake panuwun

3.      Tata krama sing becik bisa gawe tentreming pikir sing nyawang lan sing nglakoni

4.           Yen arep matur karo guru migunakake basa krama sing becik lan patrap sing apik

5.      Nggatekake kabeh sing dingendikakake guru