NANEM PANTUN
Nagari Indonesia kondhang minangka negari agraris. Para pendhudhukipun kathah ingkang nggadhahi pakaryan tetanen. taneman pangan ingkang dadosi andhalanipun inggih menika pantun, minangka panganan pokok masyarakat Indhonesia. Bab menika ugi dipuntindakaken dening para tani wonten ing wilayah kabupaten Sleman.
Para tani nanem pantun staun kaping kalih, dene biasanipun dipunselingi taneman palawija. Saperangan masyarakat Sleman taksih nanem pantun kanthi cara tradhisional. Bab menika ingkang kedah dipuntindakaken menawi nanem pantun inggih menika:
1. Nyiapaken Winih
Ingkang kedah dipuntindakaken dening para tani menawi badhe nanem pantun ingkang kapisan inggih menika nyiapaken winih ingkang arupi gabah pilihyan ugi garing. Ndhedher winih wonten ing pawinihan mbetahaken upaya ingkang saksae-saenipun, amargi winih menika nemtokaken tuwuhipun pantun wonten ing sabin. Pramila kedah dpunupayakaken kanthi sae, supados panjangka kangge angsal winih ingkang sehat lan subur saged kaleksanan. Ndhedher winih wonten ing pawinihan kanthi cara nyebaraken gabah kanthi radin wonten pawinihan ingkang boten kembeng toya nanging ugi boten garing sanget. wekdal 3-4 dinten winih sampun thukul. menawi sampun umur tigang minggu sampun siap dipundhaut lajeng dipunbentel lan sampun siap dipuntanem.
2. Nyiapaken Lahan (Sabin).
Menawi sampun dumugi mangsa rendheng para tani wiwit nggarap sabin kangge nanem pantun. Ing bab menika para tani nggarap sabin kanthi ancas supados siti ingkang badhe dipuntanem asilipun sae. Pangolahipun siti wonten pinten-pinten tataran, antawisipun kanthi maculi siti sabin supados gembur, salajengipun dipunluku saha dipungaru. sabin lajeng dipunlebi supados siti gampil dipuntanemi saha medal leminipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar