Rabu, 11 Februari 2015

nanem pari



NANDUR PARI
Negara Indonesia kondhang minangka negara agragris. Para pendhudhuke akeh kang duwe carcaryan tetanen. Tanduran pangan kang dadi andhalane yaiku pari, minangka panganan pokok asyarakat Indonesia. Bab iki uga ditindake dening para tani ing wilayah kabupaten Sleman.
Para tani nandur pari sataun kaping pindho, dene biasane diselingi tanduran palawija. Saperangan rnasyarakat Sleman isih nandur pari kanthi cara tradisional. Bab sing kudu ditindakake menawa arep randur pari ing antarane
papan kanggo nyebar winih (pawinihan)
2._ Nyiapake winih kang bakal disebar minangka bibit kang bakal ditandur.
3_ Ngolah lemah kang bakal digunakake kanggo nandur bibit pari, kanthi cara digaru Ian diluku.
4.     Ngelebi lemah supaya lemah bisa ditanduri kanthi gampang Ian metu lamina.
5.     Mindhahake winih pari kanthi cara didhaut.
6_ Nandur bibit pari kang wis didhaut ana ing lemah kang wis disiapake.
7 Yen tanduran wis urip Ian thukul anake Ian sakiwa tengene thukul suket enggal diwatun supaya suket ora ngganggu mekare tanduran pari.
Ngrabuk tanduran supaya subur Ian asile apik.

Wit pari wis katon iji royo-royo Ian anakane katon akeh Ian subur. Pan wiwit njedhili siji mbaka siji. Kabeh pari wis jumedhul , iki mratandhani kematak utawa mrekatak. Para tani wis ayem atine amarga sedhela maneh bakal ngundhuh anggone nandur. Pan wis tumungkul Ian kuning, wayahe para tani padha panen, ora lali nyiapake ubarampe kanggo wiwit Ian panen. Satah sawijining alat panen yaiku ani­ani, kanggo methik pari saka gagange. Pari digawa bali ing omah diiies kanggo misahake gabah karo merange. Gabah siap dipepe nganti garing, ditutu utawa digilingake. Asile bisa dipangan sakulawarga utawa didol kanggotuku kabutuhaoliyane kanggo urip saben diva.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar