Senin, 17 Agustus 2020

PRANATACARA

 PRANATACARA

PRANATACARA

Werdine Pranatacara

 

Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa  pranata laksitaning adicara.  Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan  nata  lan nglantarake acara utawa adicara .

Cecawis Sanguning Pranatacara

Murih jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacaralan pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :

a.      Swara

Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,                                           membat  mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.

tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung

b.      Busana / Ageman

Ajining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban  bisa kaleksanan kanthi becik  Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara ,  rapi,  lan tumata panatane.

c.       Subasita

Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku. 

Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.

d.      Basa lan sastra

       Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener,

       becik,

       endah, lan gampang  ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang

       trep  panganggone. Supaya trep kudu ngeling:

·         Sapa sing guneman

·         Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens

·         Sapa /apa sing digunem

·         Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)

Dene kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh  pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang,    purwakanthi    Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.

Cengkorongan Baku Wicara Pranatacara

a.       Pambuka

·       Salam pambuka

·       Sapa aruh marang tamu

·       Muji syukur mring Pangeran

b.    Maosake rantamaning adicara

c.     Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana

d.    Ngaturake lan mandhegani  adicara siji mbaka siji kanthi wijang

e.     Panutup

·         Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)

·         Nderekake ndedonga panutup

f.     Salam panutup

 

Praktik Pranatacara

Praktik utawa maca teks wicara pranatacara apadene   praktik utawa maca teks  sesorah, prayogane nggatekake konsep 4 W, yaiku :

1.    Wicara

Wicarane sing las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo /dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.

2.    Wirama

Senajan katone mung sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama sing metu saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan volume suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa becik, ora keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga digatekake.

3.    Wiraga

Patrap, sikep nalika nindakake dadi pranatacara .Solahbawanewongdadi pranatacara iku kudu manteblantetegmadhepmarangpamriksa,ajatumungkul/ndhingkluklanajandangak.

Kaudia bisa ngecakake prinsip Sapta- Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan Mawwat.

4.    Wirasa

Wirasa utawa penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap :

Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita

Tuladha pranatacara prasaja

PERPISAHAN  KELAS IX

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati, Bapak Ibu wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, para kanca/kadang nunggal pawiyatan ingkang sutresna. 

Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, sehengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula, saged ngrawuhi acara Perpisahan Kelas IX  SMP  Tunas Bangsa  Tahun 2018/2019

Bapak Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu  guru ingkang dahat kinurmatan kula ingkang kadhapuk mingangka adicara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia.

1.      Adicara ingkang sapisan Pambuka.

2.      Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah.

3.      Tanggap wacana saking wakil kelas IX.

4.      Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII.

5.      Panutup donga.

Bapak Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika. Bapak – ibu guru, raka kelas IX dalasan para kanca sumangga adicara punika kawiwitan kanthi maos basmallah sesarengan. Sumangga

---------------------------------------------Waosan Basmallah---------------------------------------------

Ngancik  adicara ingkang kaping kalih inggih menika Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah, ingkang menika dumatheng Bapak Suradi, M.Pd.  minangka Kepala Sekolah sasana pangandikan mugi katur.

-----------------------------Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah---------------------------

Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Bapak Suradi, M.Pd.

Adicara ingkang kaping tiga inngih menika Tanggap wacana sakil wakil kelas IX, dhumateng sederek Adam kasumanggaken.

---------------------------------Tanggap wacana saking wakil kelas IX---------------------------------

Matur nuwun dhumateng sederek Adam.

Adicara ingkang kaping sekawan inngih menika Tanggap wacana sakil adik kelas wakil kelas VII/VIII, dhumateng sederek Bimo kasumanggaken.

---------------------------------Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII--------------------------

Matur nuwun dhumateng sederek Bimo.

Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup minangka pranatacara ing adicara dinten menika, mbok bilih kathah kalepatan atur, kula nyuwun agunging  pangaksama.

Mingangka pratanda raos panuwun, ing pungkasan adicara menika, sumangga kita ngaturaken Puji Syukur dumatheng Gusti Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah, Sumangga.

----------------------------------------------Waosan Tahmid-----------------------------------------------

Ing wasana cekap semanten. Sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.


Tuladha Maca/ Praktik MC


Jumat, 31 Juli 2020

TATA KRAMA MERTAMU KALIYAN ATUR_ATUR

TATA KRAMA MERTAMU KALIYAN ATUR-ATUR

Atur-atur

Permadi           : “Kula nuwun”.

Pak Seno          : “O, nak Seno, kene-kene lungguh kene, rakya dha slamet ta, nak?”

Permadi            : “Inggih Pak, pangestunipun”. (sinambi salaman)

Pak Seno          : “Wah kok njanur gunung, ana wigati apa iki?”

Permadi            : “Kepareng kula matur Bapak. Ingkang sepisan sowan kula mriki tuwi                             kawilujenganipun Bapak. Dene kaping kalihipun kula dipunutus dening bapak                             Pandhu, panjenenganipun dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke sonten                             bakda Maghrib saperlu kendhuri tasyakuran khitanan adik Haryo Tutuka”.

Pak Seno          : “Iya nak, aturmu wis dak tampa, matura pak Pandhu, yen ora ana alangan sawiji            apa aku dak sowan minangkani pamundhute, aturna uga salamku kagem                              panjenengane.”

Permadi            : “Inggih Pak, matur nuwun. Salajengipun sarehning taksih kathah jejiban ingkang 

                            dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula matur wonten 

                            kalepatan, kula nyuwun pangapunten”. (sinambi salaman)

Pak Seno          : “Iya Nak, padha-padha”.

 



Senin, 20 Juli 2020

UNGGAH-UNGGUH BASA ING BEBRAYAN SEKOLAH LAN MASYARAKAT

UNGGAH-UNGGUH BASA ING BEBRAYAN SEKOLAH LAN MASYARAKAT

A.   Materi Pembelajaran

 

1.   Materi untuk menyatakan setuju/ tidak setuju, menanggapi jawaban tidak benar, memberi semangat, menyatakan harapan atau doa, menyatakan ikut berbahagia maupun berbela sungkawadilingkungan  sekolah.

 

Materi Pembelajaran (Prosedural)

Unggah-ungguh Wong Micara:

Akeh wong kang diurmati dening wong liya, kajen keringan amarga saka guneme utawa tetembungane trep lan gawe endahe sesrawungan. Mula saka iku, wong micara kudu nggatekake:

1.     Guneme sing becik lan saperlune wae,.

2.    Aja nyela gunemane wong liya, entenana nganti ukarane rampung,.

3.    Aja gampang nyacad lan maido marang panemune wong liya,

4.    Sanajan ora cocog karo panemumu, panemune wong liya becik tetep digatekake lan diurmati,

5.    Yen ora cocog karo panemumu, anggonmu nyela utawa ngandharake panemu prayogane njaluk ngapura luwih dhisik, upamane:

a.    “Nyuwun pangapunten, menawi pamanggih kula mekaten……..”

b.    “Nuwun sewu, yen panemuku kok mangkene……..”

Kanthi mangkono wong sing duwe panemu sadurunge ora banjur gela, wong kang srawunge becik bakal disenengi dening wong liya satemah rumaket anggone padha paseduluran.

 

Materi Pembelajaran (Faktual)

1.  Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan sekolah

Budiman      : “Kanca-kanca, kowe kabeh wis krungu ngendikane Pak Martana mau awan ta?”

Jumadi         : Ya wis, apa bab sinau kelompok.”

Budiman      : Bener, mumpung UN isih sawetara wektu, prayogane awake dhewe gawe kelompok belajar.”

Basuki           : “Wah, setuju banget kuwi, supaya enggal bisa sinau bebarengan.”

Ahmad         : “Yen, mangkono Budiman wae sing mbage kelompok, wong ketua kelas kok.”

(bebarengan):      “setuju!”

Rahayu         : “Aku duwe panemu yen anggota kelompok kudu diwawas, ana sing pinter, dadi bisa marai kanca-kancane lan cacahe kudu ganjil.

Purwaka       : “Wah, sakjane aku setuju nanging yen omahe adoh-adoh kepriye? Apa ora adhedhasar omahe sing cerak wae anggota kelompok kuwi?”

Ahmad         : “Ngono ya becik, upamane ing kelompok kuwi ana soal sing ora bisa dirampungake, bisa takon kelompok liyane. Rak ya ngono ta kanca-kanca?

(bebarengan):      “akur…..”

 

2.   Menehi semangat ing lingkungan sekolah

Tekaku telat

Kaya padatan, esuk kuwi kabeh wis arep nindakakae kewajibane dhewe. Bapak tindak kantor dene putra-putrane budhal sekolah. Bapak nitih sepedha montor. Dene putra-putrane mung numpak sepedha wae. Sawise nyuwun pangestu marang wong tuwane bocah-bocah mau padha budhal sekolah. Widada mboncengake Widaningsih, Widati nyepedha dhewe.

Widati                 : “Mas, banku nggembos…..kepriye iki?”

Widada               : “Ya wis yen mangkono, Dhik Wid nganggo sepedhaku mboncengake Dhik Ning. Dene aku sing nambalake banmu, wis kana budhala dhisik.

Sarehne kudu nambalake ban sepedha, Widada tekane telat kahanan sekolahe wis sepi, Widada dikendel-kendelake matur marang Pak Suhardi guru Matematika sing wektu iku lagi ngasta.

Widada               : “Nuwun Pak….kepareng kula matur.

Pak Suhadi           : “ O, kowe Widada, kene mlebu, napase ditata banjur lagi matur. (Widada matur alon nanging cetha, tangan ngapurancang, sirah ndingkluk)

Widada                 : Nyuwun pangapunten, kula telat awit kedah nambalaken ban rumiyin, kula nyuwun idin mlebet.

Pak suhadi           : O, ya. Alangan iku pancen ora bisa dinyana-nyana sanajan manungksa wis ngati-ati. Ora ana sing bisa nolak alangan.

Piwulang ing budi pekerti:

1.     Tansaha tumindak pangati-ati

2.    Ngalah karo sedulur iku tumindak utama

3.    Yen rumangsa salah enggala nyuwun pangapura

4.    Alangan iku  minangka pacoban mula ora perlu digetuni.


3. Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan sekolah

 

DHISIPLIN

Dina Senen, upacara Bendera wis diwiwiti nanging Guntur keri. Dheweke bingung banget jalaran wedi yendidukani. Dumadakan Pak Biyanto Guru BK (Bimbingan Konseling) katon. Guntur ditimbali lan didhawuhi melu upacara saka kadohan. Anwar, Anis, Boni lan Wartana uga padha telat. Sawise upacara rampung bocah-bocah mau didhawuhi mlebu ing ruang BK.

Pak Biyanto         : “Bapak ora duka. Ayo padha lungguh sing jejeg! Mesem apa ngguyu” (Pak Biyanto mbombong bocah-bocah).

Anis                      : “Kula sedaya lajeng didhawuhi menapa Pak ?

Pak Biyanto         : “Coba wedang putih ing gelas-gelas kaegawanen mrene. Padha ngelak ta?(Anis njupuk wedang putih, sagelas dicaosake Pak Biyanto, patang gelas. Dicawisakekanca-kanca.Bareng wis padha ngombe  raine katonsumringah).

Pak Biyanto         : ”Kepriye, anggonmu padha arep matur Bapak?”

Anis                      : “Kula sedaya rumaos lepat, Pak! Mugi-mugi Bapak kersa maringi

pangapunten.Salajengipun kula sedaya badhe nindakaken dhawuh saha netepi aturan upacarakanthi sadhar saha tanggel jawab dhateng pribadi. Mboten badhe kasep malih”.

PakBiyanto          : “Bener! Dhisiplin kuwi kudu metu saka rasa tanggungjawab pribadi.

Tumindak dhisiplinamarga saka rasa wedi utawa amarga ana sing

ngawasi iku ora apik lan ora sehat. Sebab yen duwe rasa ora wedi utawa ora ana sing ngawasi mesthi bakal tumindak   sakarepe dhewe sanajan ngerti ana aturan. Tumindak dhisiplin kudu metu saka rasa

tanggung jawab pribadi lan metu saka prentuling ati. Mula ana sing

ngarani dhisiplin mental. Ha… ha…ha(Pak Biyanto gumujeng karo nyalami bocah papat ganti-ganti).

Wartana              : (Karo noleh marang Boni)” Bon aku tak ganti takon kowe! Bapak guru sing disiplin Kuwi sapa?”

Boni                     :  “Nuwun sewu Pak, ya Pak Biyanto iki”

Anis                      : “Apa alasane?”

Guntur                 :  Alasane cetha, awake dhewe nerak aturan, ora didukani. Malah diparingi wedang, mari ngelak, ora mnagkel, nanging … kapok ! (ha…ha… kabeh padha ngguyu, singoramung Pak biyanto)

Pak Biyanto         : “Sembrana, wis kana padha mlebu kelas”! (Bocah-bocah nuju kelase

dhewe-dhewe karo keduwung nanging bungah)

 

 

Materi Pembelajaran (Faktual)

Pangandikane Pak Lurah ing adicara bersih desa:

Nuwun panjenenganipun bapak saha ibu sesepuh dhusun ingkang dahat kinurmatan, para lenggah sadaya ingkang kula tresnani. Mangga kita sadaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti, dene ing wekdal menika kita sadaya saged kempal  ing adicara bersih dhusun menika tanpa alangan satunggal menapa. Perlu kawuningan bilih bersih dhusun menika katindakaken awit raos syukur kita sadaya, awit Gusti sampun paring nugrahanipun awujud panen ingkang sae asilipun. Nanging ugi awit panjenengan sadaya kersa nindakaken pakaryan kanthi ngolah pasiten kanthi tlaten. Saengga asilipun saged karaosaken sesarengan.

Kita sadaya nindakaken bersih dhusun menika sampun atusan taun kepengker, kanthi turun temurun nglestarekaken budaya luhur. Sanajan jaman sangsaya majeng mugi-mugi adicara menika tetep lestari. Kajawi mujudaken raos syukur ugi raos pasedherekan ing antawisipun kulawarga satunggal lan atunggalipun tansah guyub , rukun salebetipun gesang ing madyaning bebrayan. Temtu kemawon sedaya menika katindakaken kanthi raos eklas lair lan batosipun.

Para rawuh sadaya makaten wau ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatan nyuwun pangapunten.

 

1.     Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan kulawarga

2.    Nyaruwe wangsulan kang ora bener ing lingkungan kulawarga

3.    Menehi semangat ing lingkungan kulawarga

4.    Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan kulawarga

 

Ukara pangarep-arep (pangajab)

Ing wulangan kepungkur, wis diandharake menawa ukara iku ujaran kang wis sampurna kang dadi sarana wedharing gagasaning manugsa. Tandha sampurnaning ujaran ditengeri tandha titik (.), pitakon (?), utawa pakon (!). Manut isine, ukara bisa dipilah dadi maneka warna wujude antarane yaiku ukara pangarep-arep utawa pangajab mujude kaya ukara panjaluk nanging alus. Ukara pangarep-arep lumrahe mawa tembung: Muga, muga-muga, mugi, mugi-mugi, lsp.

Tuladha:

1.     Muga-muga Gusti paring pitulungan marang aku lan kowe!

2.    Mugi-mugi sukmanipun tinampi ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwasa!

3.    Pangarep-arepku, muga kakangmu enggal bali!

4.    Panjalukku, kowe bisaa momong lan urip rukun karo adhimu!

5.    Muga-muga kowe bisa sekolah ing ngayogyakarta, krasan lan bisa sinau kanthi becik!

 

NELAKAKE RASA SENENG

 

Jam setengah pitu Firda budhal sekolah. Ora lali nyuwun pamit Bapak lan Ibune. Nalika pamitan, astane bapak lan ibune diambung. Dina kuwi ora kaya adat sabene. Firda diparingi dhuwit bapake Rp. 10.000,- supaya dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi. Wah, Firda seneng banget. Tembunge, “ Matur nuwun Pak”astane bapake diambung maneh. Ulate seneng sumringah. Bapake dhawuh, ngendikane,” ya, padha-padha. Sinaua kang sregep, supaya pinter”.

            Satekane ing sekolahan Firda crita marang kancane. “Wah, marem aku, seneng aku. Dina iki aku diparingi dhuwit bapaku kanggo tuku piranti tulis”. 

            Manawa wong kanggonan rasa seneng, lumrahe banjur ngucapake ukara isi pangalemdikantheni polatan sumeh, nyenengake, kebak rasa kabagyan, lan bombong ing  ati.

Tuladha liyane

1.     Hore simbah rawuh!

2.    Aha ! aku diparengake plesir ing kraton!

3.    Wah begja aku,bijiku entuk 10!

4.    Marem aku, ngrungokake swaramu kang gandem!

5.    Seneng aku, wingi mubeng-mubeng ing Taman Sari


GLADHEN !

Digarap ana ing buku tulis, dikumpulke kanthi cara kirim liwat email.


1.

Gawea ukara kang nelakake rasa setuju lan ora setuju ana ing rapat OSIS!

2.

Gawea ukara kang nelakake rasa menehi semangat marang kanca kang arep maju lomba macapat!

3.

Gawea ukara kang nelakake rasa pangarep-arep utawa donga kanggo bu Guru kang nembe gerah!

4.

Gawea ukara kang nelakake rasa seneng amarga kancamu juwara lomba nyanyi!

5.

Gawea ukara kang nelakake rasa belasungkawa amarga simbahe kancamu seda!